You are on page 1of 1

A.

Sujarah

Sujarah utawi Tmbo inggih punika salah satunggaling prosa lawas ingkang wosing carios saking
dumadining kadadosan sujarah lan sarasilahipun para raja. Cariosipun saged kabuktekaken kanthi fakta.

B. Dongeng

Dongeng inggih menika carios ingkang sipatipun khayal utawi imajinasi. Dongeng menika jinisipun
maneka warno ing antawisipun:

1. Fabel, inggih menika carios ingkang paraganipun kewan minangka pralambang saha piwulang moral.
Tuladhanipun: Carios kancil,lsp.

2. Mite, inggih menika carios ingkang wonten gegeyutanipun kaliyan kapitadosanipun dhumateng
kekiyatan adiduniawi.Mite dipunpitadosi gayut kaliyan carios carios alam kadewaan, dewa-dewi,
manungsa unggul,lsp. Tuladhanipun: Nyi Roro Kidul, Ki Ageng Selo, Lsp.

3. Legenda, inggih menika carios ingkang nyariosaken dhumateng pangenan utawa kukuban.

4. Sage, inggih menika carios ingkang wonten gegayutanipun sujarah ingkang nyariosaken
kasekten,kekiyatan,kawibawanipun, salah satunggaling tiyang. Tuladhanipun : Calon Arang , Airlangga,
Panji, lsp.

5. Parabel, inggih menika carios rekan minangka gegambaransolah bawa saha agaminipun kanthi
ngginaaken pepindhan utawi pralambang. Tuladhanipun : Carios Nabi, Bhagawadgita, lsp.

6. Dongeng Jenaka, inggeh menika carios ngengingi solah bawa tiyang ingkang bodho,keset, utawi pinter
lan sedaya dipuncariosakae kanthi jenaka. Tuladhanipun : Abunawas.

C. Kisah

Kish inggih menika carios ngengingi lampahipun (pangulandara) satunggaling tiyang saking setunggal
papan dumugi papan sanesipun.

D. Hikayat

Hikyat inggih punika carios gesangipun dewi, peri, pangeran, putri , saha raja-raja ingkang nggadahi
kasekten. Asering carios mboten pinanggih nalar, asalipun saking India saha Arab. Tuladhanipun: Hikyat
Hang Tuah, Hikyat Panji Sumirang, lsp.

E. Cerita Bingkai

Cerita bingkai inggih menika carios ing salebetipun carios ingkang dipun andharaken dening paraga
cerita. Tuladhanipun: Seribu Satu Malam.

You might also like