You are on page 1of 1

Saptakanda Ramayana (7 Kitab Ramayana)

Mei 30, 2015


Wiracarita Ramayana ana pitu kitab kang asring sinebut Saptakanda. Urutan kitab
nuduhaké crita kang kadadéan ing sajeroné Wiracarita Ramayana.

Balakanda
Kitab Balakanda iku wiwitane crita Ramayana. Kitab Balakanda nyeritakaké
PrabuDasarata kang nduwé garwa cacahé telu, yaiku: Kosalya, Kekayi lan Sumitra.
Prabu Dasarata nduwèni putra papat, yaiku: Rama, Bharata, Lesmana lan Satrughna
Kitab Balakanda uga nyeritakaké Sang Rama menangaké sayembara lan ngepèk bojo
Sinta, putri Prabu Janaka ing Manthili.

Ayodhyakanda
Kitab Ayodhyakanda iku wosé babagan crita diguwaké Rama ning alas karo Dewi Sinta
lan Lesmana amarga saka panjaluké Dewi Kekayi. Sabubaré iku, Prabu Dasarata wis
sepuh lan séda. Bharata ora kersa didadékaké Raja, banjur dhéwèké nusul Rama. Rama
ora gelem bali menyang kerajaan. Pungkasané Bharata marentah kerajaan atas nama
Sang Rama.
Aranyakanda
Kitab Aranyakakanda nyritakaké babagan uripé Rama, Sita, lan Lesmana ning
satengahing alas nalika lagi nglakoni masa pengasingan. Ana ing saktengahing alas
mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu
karo Raseksa. Kitab Aranyakakanda iku uga nyritakaké babagan Sita sing diculik karo
Rahwana karo crita babagan paprangané Rahwana karo Jatayu.
Kiskindhakanda
Kitab Kiskindhakanda nyritakaké babagan lakon ketemuné Sang Rama karo Raja Kethèk
kang aran Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa kanggo ngrebut krajaané saka Subali,
kakangé Sugriwa. ning perangan kuwi mau, Subali mati. Banjur Sugriwa didadékaké
Raja ning Guwa Kiskindha. Sabanjuré Sang Rama karo Sugriwa bersekutu kanggo numpes
Alengka.
Sundarakanda
Kitab Sundarakanda nyritakake lakon tentara Kiskindha sing lagi mbangun gawe
jembatan Situbanda sing nggabungake antarane India karo Alengka. Anoman sing dadi
dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sita. NIng kana,
Anoman ditangkep. Ananging bisa meloloskan diri lan mbakar ibukota Alengka.
Yuddhakanda
Kitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar Kera dhuweke Sang Rama
karo pasukan Raseksa Sang Rawana. Ceritane diwiwiti nalika usahane pasukan Sang
Rama bisa nyebrang segara menyang Negara Alengka. Ananging, bebarengan karo iku
Wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakean menehi pitedah. Ning
paprangan, Rahwana dkalahake karo Rama nganggo senjatan senjata panah saktine Sang
Rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi Slamet bareng karo Dewi Sita.
Uttarakanda
Kitab Uttarakanda nyritakake lakon diguwake Dewi Sita amarga Sang Rama krungu
kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora percaya marang kasucèné Dewi Sita.
Bnajur Dewi Sita manggon ning pratapan Rsi Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa.
Kusa lan Lawa mara menyang kerajaane Sang Rama nalika lagi dianakake upacara
Aswamedha. Nalika iku dheweke kabeh nyanyikake Ramayan sing digubah karo Rsi
Walmiki

Sumber: Wikipedia

You might also like