You are on page 1of 1

Aksara Swara

Aksara swara gunane kanggo nulis swara kang dadi wanda ing tembung utamane tembung
manca (asing) kanggo nyeethakake (memperjelas) pangucapane.
Tata cara nulis aksara swara :

1. Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg (mati) ing ngarepe
mula kudu dipangku
2. Aksara swara ora kena diwenehi sandhangan swara (wulu. suku, pepet, taling, taling
tarung)
3. Aksara swara uga bisa dianggep aksara gedhe (kapital), dadi bisa digunakake kanggo
nulis jenenge kutha, desa, nagara utawa wong.

Aksara swara

Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara
iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani
aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis ṛ lan ḷ, kaanggep
aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa
Sanskreta ora ana pepet.

Contoh:

You might also like