You are on page 1of 2

Assalamu'alikum Wr.Wb.

panjenenganipun para sesepuh,para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng


pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,punapa dene
pengjenenganipun panjenenganipun kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga
murdhaning akrami
Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos suka syukur dhumateng gusti,"mugi
rahayuha sagung dumadi",tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya
hangkuberana dhumateng kawula
Amit oasang aliman tabik,mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,dene kawula
cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardi kan panjenengan inngkang katemben
wawan pangandikan,inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula pinji. Minangka duta
saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp............sekalihan
panjenenganipun Bp........sekalihan garwa(ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran
sangunging pakurmatan,kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun
Bp........sekalihan,ingkang sepisan;ngaturakeun salam taklim mugi katur wonten ngarsa
panjenengan,sumarambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih;ing nguni sampun wonten pirembagan,ingantawisipun Bp..........
sekalihan,hanggadhahi putra kakung kekasihpun Bg.........kaliyan Bp.........sekalihan garwa
(lingkang mengku gati)hanggadhahi kenya sesilih Rr.........
Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang,bebasan
ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang
jambe suruhe kanthi atur makaten karena sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha
sampun manunggal cipta,rasa miwah karsa,ingkang punika saking angenging manah
panjenengenipun Bp......... sekalihan,anggeniupn katampi panglamaripun pramila inng
kalengahan punika ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki
rabi
Weondene ingkang badhe kaaturaken wonten kaarsanipun Bp.......... sekalihan garwa
inggih pnika;
sanggan,saha majemuk ingkang sampun wonten wujudpun,kanthi pangajabing sadya
dadosa sarana sahipun sesanggeman miwahb rake ting kekadangan,saengga mboten
sa'aged pisah lami-laminipun.
kasoking katresna Bp......... sekalihan garwa,ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang
awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon panganten putri.
Mboten kakilapan Bp...................sekalihan ngaturaken redana wujudpun art,keinginga
darnel ngentheng-enthengi anggenipun Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku
gati)netepi darmaning sepuh harmiwaha putra mahargya siswi. Kajawi punika
panyuwunipun Bp.........sekalihan,ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking
gati,mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat
widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasening atur,hambok bilih Bp...........sekalihan anggenipun ngaturaken
sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun,mawantu-wantu nyuwun angenging
samodra pangaksamisumamnten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun
Bp..........sekalihan,menawi wonte gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita
ingrah tatakrami,kawula nyuwn sihing samodra pangaksami.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu'alaikun Wr.Wb.

You might also like