You are on page 1of 6

Wicara Tumplak Punjen

 Tulada Wicara Atur Putra Dhateng Bapak ibu


Nuwun.
Para pepunden, para kasepuhan, aji sepuh, saha sesepuh ingkang
minulya, para tamu ingkang winantu ing kayuwanan, keparenga kula
munggel wekdal, nyigeg pangandikan, badhe matur wonten
ngarsanipun bapak saha ibu.
Bapak ibu ingkang kinabekten, kula minangka wakilipun para
putra putri kinasih, keparenga matur wonten ngarso panjenengan :
Ingkan sepisan, para putra ngaturaken sungkem pangabekti
wonten ngarsa panjenengan sinartan pepuji mugi tansah cinelakaken
ing suka basuki, Gusti Maha Welas lan Asih tansah paring
karahmatan dhumateng bapak ibu ingkang minulya.
Kaping kalih, para putra ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan, dene bapak-ibu sampun kepareng nggulawentah
kula para putra wiwit kalane tasik timur sahinggo dewasa.
Panggulawentah ingkang kebak rasa asih lan sutresna, satemah raos
sumungkem ing asepuh saha tresna pasederekan ing antawisipun para
putra sangsaya rumaket kempal manunggal, mekaten ugi, bapak – ibu
sampun kepareng paring sanguning gesang ingkang awujud ngelmi,
ngelmu gesang tembayatan ing madyaning bebrayan agung kulawarga
tuwin masyarakat, kejawi menika, bapak itu ugi mbudidaya amrih
para putra saged necep ngelmi ing pawiyatan ( sekolah ) satemah
saged dados janma sarjana ing sujana, puji syukur ing ngarsaning
Gusti, kanthi tuwajuh saha taberi para putra saged nyembadani
kekudanganipun bapak tuwin ibu.
Bapak ibu ingkang dahat kinurmatan, luhuring budi panjenengan
mboten winates, pramila tangeh lamun menawi para putra saged
ngaturaken pinwales wonten ngarsa panjenengan saged kula namung
nyenyuwun mugi – mugi Gusti ingkang Maha Priksa kasdu mriksani
lelabetanipun bapak lan ibu satemah Gusti kersa paring nugraha
ingkang samurwatipun, lelabuhan bapak lan ibu mugi tinulad
sinudarsana dening para putra sedaya, saha pangeran mugi
ngijabahi,,Amin..
Kaping tiga, sanadyan wiwit samenika sadaya putra sampun
badhe uwal saking pangkoning bapak saha ibu, para putra taksih
nyuwun gungan wonten ngarsa panjenengan bapa-ibu ingkang satuhu
kinabekten, para putra taksih nyuwun pitedah saha wewarah sinartan
idi pandunga pangestu rahayu ingkang tumuju mring kayuwanan,
dhawuh wasita adi panjenengan badhe tansah kula pundhi, dadosa
jimat ingkang saged mbabar daya kekiyatan ing jasad kula satemah
gesangipun para putra sakulawarga saged manggih kamulyan saha
kabagyan.
Kaping sekawan, bapak ibu ingkang minulya ing budi, tamtu
kemawon para putra kathah tuna dungkapipun samya nakal tatkala
taksih alit, samya wangkal tatkala sampun diwasa , sedaya kalawau
kadhangkala ndadosaken runtiking penggalih bapak lan ibu pramila
sedaya tindak – tanduk, muna – muni ingkang kirang nujuprana,
bapak lan ibu kersaa paring pangaksama.
Kaping gangsal, para putra samya memuji, mugi – mugi bapak lan
ibu pinaringan kanugrahan dening pangeran, cinalekaken ing
kayuwanan, sumandhing bagas kuwarasan, panjang yuswa satemah
tutug momong putra tuwin para wayah.
Wasana, puput pepuntoning atur, mbokmenawi atur kulo wonten
ingkang kirang nuju prana, kirang trep mapanaken patrap, tata susila
miwah subasita, kula nyuwun pangaksama.
Nuwun.
Dalam bahasa Indonesia
( Wacana ini dibacakan dengan penuh perasaan dan penghayatan dan
tidak tergesa-gesa )

Bapak – ibu yang kami hormati, perkenankanlah saya mewakili para


putra/putrid untuk menyampaikan isi hati kepada bapak – ibu.

Pertama, kami menghaturkan sembah sungkem kepada bapak – ibu


teriring do’a semoga Tuhan senantiasa melimpahkan Rahmat-Nya
kepada kita semua.

Kedua, kami tentu memiliki banyak kesalahan dari masa kanak-


kanak, remaja hingga dewasa membangun rumah tangga, oleh karena
itu, kami berharap bapak-ibu berkenan memaafkan kami.
Ketiga, para putra menghaturkan terima kasih setulus-tulusnya dari
lubuk hati yang paling dalam, bapak – ibu telah mendidik kami dari
kecil hingga dewasa dengan penuh kasih sayang , limpahan bekal
kasih yang tulus membuahkan kemandirian dalam diri kami, bekal
kasih dan sayang serta curahan ilmu pengetahuan telah kami peroleh
atas jerih payah bapak-ibu, tidak mungkin kami dapat membalas budi
baik bapak – ibu yang telah kami terima ini, kami bertekad untuk
memuliakan bapak-ibu, teriring do’a semoga Tuhan senantiasa
melimpahkan rahmat keagungan-Nya kepada bapak dan ibu.

Keempat, kami semua telah lepas dari pangkuan bapak-ibu tercinta,


kami telah membangun rumah tangga, maka kami mohon do’a dan
restu, semoga kami dapat mebangun keluarga yang bahagia dan
sejahtera, walaupun demikian, kami tetap berharap agar bapak ibu
tetap berkenan untuk membimbing kami, memberi kami nasehat agar
kehidupan keluarga kami semakin bahagia dan sejahtera lahir batin.

Kelima, kamipun tetap berharap agar bapak-ibu senantiasa diberi


kesehatan, kebahagiaan, dan kemuliaan oleh Tuhan, karena kami
para anak cucu masih mengharap bimbingan, nasihat, belaian kasih
sayang dari bapak-ibu.

Akhirnya apabila ada kekhilafan saya sebagai wakil para putra / putri,
saya mohon maaf yang setulus-tulusnya,,Amin.

 Tulada Wicara Wangsulan Bapak ibu

Wicara Bapak
Nuwun.
Para tamu ingkang ambeg berbudi darma, puji syukur kang tanpa
pepindhan konjuk ing ngarsaning pangeran kang Mahawelas lan
Mahaasih, dene kula sabrayat saha panjenengan pinaringan
kanugrahan nun inggih gumelaring bagas kewarasan, Allah kepareng
paring nugraha, satemah kula saged nyembadani darmaning asepuh,
malakrama’aken anak kula pun….nun inggih adicara palakrama
ingkang pungkasan kanthi sineksen para pepundhen, para kasepuhan,
aji sepuh, sarta para tamu ingkang minulya.
Salajengipun, keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan
saperlu badhe paring wangsulan tumrap aturipun anak kula pun…..
Anakku…lan anak-anaku kabeh…
Wus daktampa atur sungkem lan bektimu, aku rumangsa mongkog
lan bombing dene sliramu kabeh ngerti ing wajib, putra atur sungkem
lan pangabekti marang wong tuwa, bombonging atiku banjur
nuwuhake osiking kasdu suka dedonga marang sira kabeh, muga-
muga sira kabeh tansah cinaket ing pangeran, kinasih ing sasana,
kabeh mau bisa ndayanana tentreming urip keluwargamu.
Sabanjure ndadekna wruhanamu, anaku kabeh, saktemene bab
wiyata putra utawa panggulawentah ing anak iku wis dadi wajibing
wong tuwa ana bocah nakal lan wangkal iku wis jamak lumrahe,
mung wong tuwa kudu bisa sabar, nak polah bapak kepradah,
mbudidaya lan kupiya kupiye amrih para putra bisa dadi janma kang
sembada, tegese ndhapuk putra gisa “ dadi “ lan “ ngerti”. “dadi”
tegese bisaa dadi uwong, kinacek ing sesame, syukur bisa punjul ing
apapak mrojoling akerep, satemah uripe bisa migunani tumrap
sepadha-padha. “Ngerti” tegese lantip ing wajib, mestuti dhawuhing
asepuh, bekti mring para wredha, ngerti ing wajibing wong urip lan
kulawarga, uga ing madyaning bebrayan agung.
Lha, kang dakpepuji sira kabeh anak-anaku uga bisaa kaya bapak
lan ibumu, syukur bage ora mung tekan samono, nanging saya unggul
lan linuwih ing sakabehane, bisa nggayuh urip mulya lan minulya,
mulya tegese bisa kecukupan ing sandang lan boga, lan bisa lumeber
mring kadang lan Santana, kadang tangga lan para mitra, minulya,
tegese sira kabeh bisaa kasinungan kawibawan urip , satemah uripira
kabeh kajen lan keringan, bisane mulya yen sira bisa dadi, bisa
minulya yen sira bisa ngerti, mula dadi lan ngerti, mulya lan minulya
kudu tansah sumandhing.
Anak-anaku kabeh kang daktresnani,..
Mangkono iku mau tumrap wewarah gungan sing daksuwun,
muga-muga bisa dadi oboring uripmu, sakbanjure pangestuku
mbanyu mili amrih uripmu kabeh padha nemu ing karahayon,
mbokmenawa ibumu uga bakal paring sangu marang sira.

Wicara ibu :
Anak-anaku kang kinasih…
Pangondhok-ondhoking rasa campur bawur karo sukaning ati,
ndeleng anak-anaku kabeh wis padha diwasa, malah saikine wis bakal
uwal kabeh saka pangkoning bapak lan ibumu, para wayah wis
gemrayah, rasa sutresna asihku nalika sira kabeh isih timur ora beda
kelawan saikine sira kabeh wis diwasa, pancen dakgegadhang, sira
kabeh bisaa nuhoni kekudangane wong tuwa, lan saiki wis dadi
kasunyatan,
Anak-anaku kabeh kang daktresnani,,
Sira wiwit saikine wis mengku kulawarga mangun balewisma,
piwelingku ugemana pangandikane bapakmu lan tanpanana mutyara
sagenggem iki, yaiku wong urip bisaa sabar lan narima, narima ing
pandum nanging aja kendhat ing panuwun angenggawa tepa salira.
Para rawuh ingkang sinuba sinakartaning pakurmatan,
Mugya dados paseksen ing ri kalenggahan menika, kula ( bapak-
ibu….. ) mungkasi kajad mantu, ing tembe kula sampun mboten
badhe mantu malih, kula nindakaken adicara tumplak punjen, sampun
kula tutup wiwaraning mantu.
Wicara dalam bahasa Indonesia :
Wicara dalam bahasa Indonesia ini juga dibawakan dengan penuh
perasaan dan penghayatan, tidak tergesa-gesa.

” Hadirin yang kami muliakan, izinkanlah kami memberikan jawab


atas bakti kasih putra-putri kami.

Anak-anaku yang terkasih..

Sudah kuterima sembah bhakti kasih kalian, bapak dan ibumu


sungguh-sungguh sangat terharu, tetapi juga sangat bangga dan sangat
bahagia, karena anak-anakku semua telah menjadi orang-orang yang
berbakti.

Anak-anaku yang terkasih..

Bapak dan ibumu dengan tulus hati sungguh-sungguh memaafkan


anak-anakku semuanya, demikian juga bapak dan ibumu juga harus
di maafkan, apabila dalam mendidik kalian semua ada hal-hal yang
tidak menyenangkan, mengecewakan, melukai hati dan sebagainya,
semua yang telah dilakukan oleh bapak dan ibumu sebenarnya hanya
demi masa depan kalian, agar anak-anaku semua dapat tumbuh
menjadi manusia yang berbudi dan berbakti.

Anak-anakku yang terkasih…

Do’a dan restu bapak ibu akan selalu mengiringi kalian bagaikan air
yang mengalir tiada henti, semoga ini memberikan siraman kekuatan
bagi anak-anakku semuanya sehingga dapat membangun kehidupan
berkeluarga yang bahagia dan dalam kasih sayang Tuhan Yang Maha
Esa, semoga anak-anakku serta cucu-cucuku semuanya tumbuh
menjadi orang yang berguan bagi keluarga, masyarakat, bangsa dan
Negara.

Anak-anaku yang terkasih…

Akhirnya, ingatlah dan camkanlah pesan-pesan dari bapak dan ibumu


ini, agar hidupmu tentram dan bahagia, orang hidup itu hendaklah
sabar dan menerima segala kasih dari Tuhan dengan ikhlas, namun
jangan lupa senantiasa memohon dengan do’a dan tetaplah baik pada
sesama, semoga hidup kalian berhasil, sebagaimana ada pepatah “ jika
kau pandai meniti buih selamat awak ke seberang, berakit-rakit ke
hulu, berenang – renang ketepian, bersakit-sakit dahulu bersenang-
senang kemudian.

Demikian anak-anakku apa yang dapat disampaikan oleh bapak dan


ibumu, genggamlah mutiara kata tersebut sebagai sarana mencapai
kebahagiaan hidup..Amin.

Para hadirin tamu undangan sekalian yang kami hormati..

Semoga bapak ibu sekalian bisa menjadi saksi pada hari ini, bahwa ini
adalah hajatan mantu kami yang terakhir, sehabis ini kami tidak akan
mengadakan acara mantu lagi, dan kami mengadakan acara tumplak
punjen, dan sudah kami tutup acara perhelatan mantu di rumah kami.

Terima kasih…

ket :

You might also like