You are on page 1of 1

HAPE LAN SOSIAL MEDIA

Wonten ing jaman sakniki teknologi sampun berkembang majeng.


Tuladhanipun inggih menika alat ingkang kagem sesrawungan kayata hape. Jaman
rumiyin tiyang tebih ajeng ngabari keluarganipun wonten griyo naming kagem
surat, nanging sakniki sampun enten hape ingkang saged kangge SMS kaliyan
telepon.

Hape nggadahi dampak ingkang sae kaliyan ala kangge tiyang ingkang ginakaken.
Dampak ingkang sae inggih menika hape saged gampilaken komunikasi mboten
sah ndandak dugi wonten griyanipun ingking badhe dikabari. Ingkang nomor kalih
hape saged kangge browsing pados informasi ingkang dipunpadosi lsp. Ingkang
dampak ala inggih menika hape dipunginakaken mboten sekeca kaliyan kekarepan
kayata dipunagem kangge ningali gambar kaliyan video porno.

Wiranem-wiranem sakniki sampun nggadahi hape ingkang sampun canggih lan


maju. Tuladhanipun Fitri, rumiyin Fitri gadah hape nokia senter tipe 1280,hape
menika naming saged kagem telpon kaliyan sms, kaliyan lumampahing zaman Fitri
nyelengi kagem tumbas hape. Fitri mboten purun ketinggalan zaman kaliyan
kanca-kancane. Sampun setahun Fitri anggenipun nyelengi angsal 400 ewu. Arta
semonten angsal nokia X202 ditambahi bapke 200 ewu. Hape nokia X202 menika
sampun saged kagem internetan,mirengaken lagu kaliyan foto. Zaman semana
hape kuwi wes hape seng paling apek dewe. Saniki sampun tahun 2015 para
wiranem-wiranem hapenipun tambah canggih BBM-an, facebookan, twitteran lsp.
Fitri boten purun ketinggalan hapenipun rumiyin di dol lan ditambahi celenganipun
kagem tumbas hape Samsung ingkang sampun saged dingge menapa-menapa.
Nanging Fitri kedah mangertos anggenipun nginakaken hape supados saged
bermanfaat sekeco kaliyan kebutuhan. Tiyang ingkang mboten mangertos
keginakan sosial media wonten ing salebetipun hape saged nyelakakke
awakwedewe kaliyan tiyang sanes.
Social media nggadahi manfaat kathah salah stunggalipun facebook. Kita saged
kepanggih konco ingkang sampun dangu boten kepanggih. Nanging tiyang-tiyang
nyalahginakaken manfaat facebook. Zaman sakniki kathah penculikan lewat
facebook. Tuladhanipun tiyang tangerang naminipun inisial M (19) diculik Ardi
Wicaksono. Cariyosipun Ardi Wicaksono ngajaak ketemu wwonten ing daerah
Tenjo. M pamitan kaliyan tiyang sepuh badhe melu kegiatan sekolah nanging
dumugi enjang M boten wangsul ten griya, lajeng tiyang sepuh lapor dhateng
polisi. Ardi Wicaksono ngacem kaluwarganipun ngirim arta 200juta.
Saking kadadean menika kita sedaya saged metik wosipun inggih menika kita
sedaya kedah mangertos keginakan alat komunikasi kaliyan social media
ingkang digadahi.lan kita ampun gampil percaya kaliyan tiyang ingkang dereng
kita kenal.

https://pattimon.wordpress.com/2015/03/28/artikel-bahasa-jawa-narasi-ti-hape-lan-
sosial-media/

You might also like