You are on page 1of 12

Afan's Blog

Teks Drama Keong Mas Dalam Bahasa Jawa

by Ahmad Fanani on 6:45 PM

Drama Keong Mas Bahasa Jawa

Tokoh :

Rd : Raja Daha

CK : Candra Kirana

GA : Galuh Ajeng

N : Nenek

P : Penyihir

RIK : Raden Inu Kertapat

BABAK 1

Ing keraton Daha, ono rojo kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane. Putri
CandraKirana yaiku putrid kang ramah lan ayu. Dewek e arep dinikahno karo pangeran saka Keraton
Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapat.

RD :Anakku, mreneo !

CK :wonten menopo romo?

Ga :menopo Romo inggih nimbali kulo?


Rd :iyo anakku, ana seng arep tak sampekno menyang kowe kabeh, mene Raden Inu Kertapat soko
keraton Kahuripan arep teko mrene.

Ga :lajeng wonten menopo Romo? Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbk yu Romo?

Rd :Romo wes gawe perjanjian karo Romone, yen Romo arep nikahno salah sijine soko anakku karo
Raden Inu Kertapat.

Ga :sinten engkang bade dipon nikah aken kaleh Raden Inu Romo?

Rd :aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapat arep dinikahno karo Candra Kirana.

Ck :matur suwun sanget Romo. Kula bungah banget, nggeh niki seng kula impi - impi aken wiwit kula
tasek alit.

rd :temen ta iku? Yen ngunu pancen ora salah Romo milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu . Ayo
bareng bareng ndang disiapno kanggo nyambut tekane Raden Inu Kertapat.

Raja Daha lan Candra Kirana ninggalno ruangan kang sak iki mung ana Galuh Ajeng, Candra Kirana lan
Romone ngroso bungah ambek pernikahan iki. Ananging Galuh Ajeng nduweni roso liyo, yaiku mangkel
lan keciwo.

GA :aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo' o kok Candra Kirana seng dipilih, kok duduk aku? Padahal
aku jelas luwih ayu soko dewek'e. Iki bener bener ora adil, mung aku siji sijine wanito seng pantes dadi
bojone Raden Inu.Sak iki opo seng mest tak lakoni? Aha.....,,,,,,

BABAK 2

Galuh Ajeng kang nduwe nia tolo marang Candra Kirana. Cepet cepet budal nang alas.

GA :kulo nuwun, nopo wonten tang ten mriki?

P : ooh nggeh, monggo mlebet cahayu, mreneo

Ga :nggeh

P :awakmu pingin aku ngelakoni opo?

Ga :kulo pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapat di wurungaken.

P : oh yo, aku ngert maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak apakno?

Ga :sedanten kulo serahaken sampean, seng jelas kulo pingin Candra Kirana susah.

P :zowes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo dewek e ora iso nikah ambek Raden Inu

Ga :matur suwon nggeh, kulo seneng nyuwun bantuan nang penyihir seng kados sampean. Niki arto
kangge DP ne,mangke yen kutukan sampean pon hasil. Kulo tambahi maleh seng katah.
P :mest wae, wes sak iki aku tak nyepakno kutukan kanggo dewek e.

Ga :kulo enteni kabar saking sampean. Sampon kulo tak nyuwun pamit.

Ha...,,ha.,,,,ha...

BABAK 3

Sawise njalok bantuan nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang kraton, kepingin ketemu Romone.

Ga :Romo.. Romo.... Romo wonten pundi? Wonten ingkang bade kulo aturaken.

Rd :ono opo anakku?

Ga :niki masalah Candra Kirana Romo.

Rd : Ono opo ambek Candra Kirana?

GA : niki kulo nemok aken layang kang ditulis kaleh Candra Kirana ten kamare kangge pengawal

Rd : Opo? Dasar bocah nakal, wes arep di nikah kok malah pacaran karo pengawal. Kurang ajar iku.

Ga : sabar Romo sabar

Rd : Kirana..... Kirana....

Ck : Wonten menopo Romo?

Rd : Ki wocoen!

Kok wani - wanine awakmu yo....!!

Ck : Oh. Niki fitnah Romo. Kulo mboten nate nglampahi niki Romo. Saestu Romo, percados kaleh kulo.

Rd : cukup Kirana. Metu awakmu soko kraton kene! Metu ambek pengawal kurang

ajar iku.

Ck : namung Romo...

Rd : metuuu....

BABAK 4

Candra Kirana atne sedih banget lan dewek e terus lungo ninggalno kraton. Dewek e lungo menyang
pantai lan ndok pantai ketemu mbek penyihir.

P : hahaha. HaiCandra Kirana yo opo kabarmu hah? Ketok e dino iki awakmu sedih banget ha.. ha..

Ck : sinten sampean? Nopo'o wajah sampean kok olo sanget?


P : meneng o ! Aku mrene kanggo ngutuk awakmu dadi keong. Dulur macem opo dulurmu iku, kok
kepingin aku ngutuk awakmu. Awakmu eroh ta, dewek e ora setuju ambek pernikahanmu ha...ha...ha...

Ck : opo? Galuh ajeng arep ngutuk aku!

P : Yo iyo dasar wong wadon bodo, rasakno iki!!! ABROKOKOK! Ha ha ha

Ck : Aaaa! !!!!!!

P : Ha...ha awakmu dadi manungso mung yen awan, nanging yen bengi mbalek dadi keong maneh.
kutukan iki bakal ilang yen awakmu ketemu Raden Inu Kertapat ha...ha...ha..

BABAK 5

Candra Kirana wis dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai desa Dadapan. Salah sawijine dino
ono wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Dewek e nemok no keong mas iku, terus digowo
moleh.

N: oh , keong kang apik, aku arep gowo keong iki moleh.

Sak tekane ing omah, mbok Rondo nyimpen keong mas ing panggonan kang aman. Banjur dewek e
ngaso, lungguh ing kursi.

N : huh sampek yamene aku kok gorong oleh iwak, aku kudu golek maneh, yen gak oleh iwak, aku
mengko mangan opo?

CK : lho lalapo aku kok iso enek nang kene? O iyo mau lak enek mbah sing nggowo aku. Saknone rek
mbah iku kanggo mangan ae dewek kudu golek iwak disek, aku arep tuku panganan kanggo dewek e.

Ambek duwek seng digowo soko keraton. Kirana tuku pangananseng enak2 kanggo simbah. Panganan
mau ditoto rapi nang nduwure mejo. Naliko dino mulai bengi lan simbah dorong mulih. Ck kudu mbalek
dadi keong maneh. AAAAAAA...

Ora sepiro suwe simbah teko ambek muring2

N : sialan. Dino iki iwak2 podo nandi ae se? Goro2 iku gak oleh panganan. Kate mangan opo aku dino iki?
Wow, teko endi panganan iki? Ketok e enak2 banget. Sopo seng nguwehi kanggo aku? Yo wes lah, seng
pentng sak iki aku mangan disek.

Dino menene, K nyediakno panganan maneh kanggo simbah. Tapi dewek e ora weruh yen simbah mulih
luwih cepet soko biasane sebab gak oleh iwak maneh.

CK : Mumpung mbah gorong mulih aku tak ndang nyiapno panganan kanggo mbah.

N : Ha sopo bocah iki? Awakmu sopo?

Ck : kulo...kulo... Candra Kirana


N : opo? Candra Kirana? sing bener?

Ck : inggih kulo Candra Kirana putri R. Daha.

N : yen ngunu, nyangopo awakmu kok biso ono neng kene?

Ck : Panjenengan seng mbeto kulo mriki, kulo niki keong sing jenengan temok aken kolo wingi.

N : opo? Awakmu iku keong mas? Yo opo kok iso?

Ck : kulo dikutuk penyihir mbah. Kutukan niku wau kengkene dulur kuloseng iri kaleh kulo.

N : sakno temen awakmu ndok. Dulur macem opo dulurmu iku, kok tego pingin ngutuk awakmu. Tapi
pancen jenenge menungso, yen wis iri opo wae di lakoni, seng biso ndadekno wong liyo susah, yo wes
sementara awakmu oleh manggon nang kene ndok.

Ck : matur suwun mbah.

BABAK 6

Sementara iku ing Keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapat kang krungu kabar soalCandra Kirana Dewek e
ora percoyo lan dewek e berusaha golek warto kang bener kanggo belo Candra Kirana

RIK : ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, mest ono wong seng mitnah dewek e. Aku kudu
nggolek weruh sopo wong iku.

Ing tengah dalan ketemu penyihir

P : ha..ha... aku oleh duwit akeh dino iki. Untung wae aku berhasil nurut kekatepane galuh ajeng kanggo
ngutuk Candra Kirana lan sakno banget pengawal sing melu difitnah Galuh Ajeng iku, dewek e diusir
soko kraton, amargo dituduh pacaran mbek Candra Kirana ha..ha...ha..

Rik : opo? Opo seng kok omongno? Bener tah seng kok omongno iku?

P : he awakmu sopo kok melok melok?

Rik : aku Raden Inu Kertapatseng kok maksud maeng, dadi saktemene iki pokal gawene Galuh Ajeng?

P : Waduh mat aku! Dewek e wes krungu kabeh

Rik : awakmu melu aku!

BABAK 7

RIK seng wes ngert khabar sak temene teko menyang kraton Doho.

Rik : Gust sak lerese kedadosan menopo ingkang sampun dipun alami Candra K? kengin menopo
panjenengan ngantos ngusir Candra K ?
Rd : aku yakin awakmu ora bakal percoyo berita iki. Dewek e wes -menghianatmu -

Rik : mbotenGust. GaluAjeng sampun mitnah Candra Kirana.

Rd : lapo awakmu kok ngomong ngunu? Awakmu eroh teko endi?

Rik : niki..niki.. gust penyihir kang dibayar kaleh Galuh A kangge ngutuk Candra K lan saking penyihir
meniko kulo mangertosi menawi Galuh A meniko ingkang sampun mitnah Candra K. He ayo ngaku
kowe! !

P : inggih meniko leres gust

Rd : GALUH AJENG! !!!

Ga : inggih Romo. Wonten menopo? Lho kok awakmu?

Rd : lapo kok kaget? Dewek e iki koncomu yo? Sak iki Romo wes mangerteni kabeh. Awakmu wes mitnah
sedulurmu dewe. Sak iki awakmu metu soko kraton kene. Minggato kowe! kejobo kowe.awakmu oleh
manggon ning kraton kene!

P : ingkang leres gust

Rd : iyo tapi manggon ing penjaraku, sak lawase.

Ga : Romo, ampun Romo. Ajeng ngaku salah Romo, ajeng pon diusir Romo! !

Rd : minggato soko kene, ojo wani2 awakmu ngetok ing wilayah ku kene, Raden Inu tolong gowoen
wong loro iki

Rik : inggih gust.

BABAK 8

sakwise iku Raden Inu K ngemboro golek i Candra K sampek dewek e mlebu nang salah sawijine deso lan
nemokno ono nang deso iku.

Rik : ah nang kono ono omah. Aku tak ngaso sediluk, aku pegel kabeh sak wise mlaku sak mono adohe.
Sopo ngert aku oleh njaluk ngombe. Kulo nuwun!

Ck : inggih sekedap.

Ck : Raden Inu? kok saget ten mriku?

Rik : iku ora pentng seng jelas aku seneng biso nemokne awakmu. Pirang2 ndino aku golek i awakmu,
ayo mulih sopo seng bener wes ketok, romomu wes ngenteni, panjenengane wes ora sabar kepingin
ketemu awakmu.

CK : matur suwun sanget, amargi panjenengan sampun nylametaken kulo.


N : sopo Kirana?

Ck : oh mbah tepangaken, meniko raden inu ingkang sampun nate kulo critaken ten simbah.
Panjenengane meniko bade ngajak Kirana wangsul. Tapi kulo mboten tego ninggalaken mbah
kiyambak'an.

N : ora opo2 Kirana. Awakmu muliho, awakmu mest kangen karo keluargamu.

Rik : wes ngene wae. Mbah ayo digowo nang kraton, lan urip karo awak e dewe yen awak e dewe wes
nikah. Mbah monggo bidal ten Kraton Doho.

Wong 3 iku maeng akhire budal nang kraton Doho , ora suwe maneh, Raden Inu K lan Candra K kawin lan
urip bahagia sak lawase.

TAMAT

Maaf dalam penulisan penuh dengan singkatan - singkatan

Tags

Author Image

About Ahmad Fanani

Seorang anak TKJ yang ingin sharing ilmu dengan menuangkannya melalui blog.

NEWER ARTICLE

Contoh Percakapan Di Bank

YOU MAY ALSO LIKE:

FOLLOW US

LIKE ON FACEBOOK

SUBSCRIBE ON YOUTUBE

FOLLOW ON INSTAGRAM
FACEBOOK

AUTHOR

My Photo

Ahmad Fanani

View my complete profile

FORMULIR KONTAK

Name

Email *

Message *

BLOG ARCHIVE

► 2017 (3)

▼ 2016 (18)

► December (1)

► August (1)

► June (3)

► May (3)

► April (4)

▼ March (6)

Biodata Ku
EagleGet Software Mirip IDM Freeware alias Grats

WPS Office, Aplikasi Microsoft Office Di Android

Contoh Percakapan Di Bank Dalam Bahasa Inggris Bes...

Contoh Percakapan Di Bank

Teks Drama Keong Mas Dalam Bahasa Jawa

LABEL

ABOUT ME

APLIKASI ANDROID

GAME ANDROID

JARINGAN

SOFTWARE

TIPS AND TRICK

Home

About

Sitemap

Contact

Forum

MENU

banner image

POPULAR POSTS

Teks Drama Keong Mas Dalam Bahasa Jawa

Contoh Percakapan Di Bank

Inilah Edit Video Terbaik Android Mirip After Effect

Inilah Edit Video Terbaik Android Mirip After Effect

Home
Software

Jaringan

Aplikasi Android

game android

tps & trick

RECENT

FEATURED

Cara Merubah Jam dan Tanggal Jadi Pin Lock Screen Android

Ahmad FananiNov 05, 2017

Cara Merubah Suara Notfikasi Windows

Ahmad FananiOct 28, 2017

Cara Membuat Kabel LAN Jenis Straight dan Cross

Ahmad FananiApr 25, 2017

Cara Mencari Subttle Film Series Di Subscene Dengan Cepat

Ahmad FananiDec 15, 2016

RECENT POSTS

AD BANNER

POPULAR

Teks Drama Keong Mas Dalam Bahasa Jawa

Contoh Percakapan Di Bank

Inilah Edit Video Terbaik Android Mirip After Effect

Inilah Edit Video Terbaik Android Mirip After Effect

Cara Mengambil Suara Background Game Android Dengan Mudah

Cara Mengambil Suara Background Game Android Dengan Mudah

BLOG ARCHIVE
TAGS

ABOUT ME (1) APLIKASI ANDROID (7) GAME ANDROID (2) JARINGAN (1) SOFTWARE (4) TIPS AND TRICK
(12)

RECENT POST

Cara Merubah Jam dan Tanggal Jadi Pin Lock Screen Android

Ahmad FananiNov 05, 2017

Cara Merubah Suara Notfikasi Windows

Ahmad FananiOct 28, 2017

Cara Membuat Kabel LAN Jenis Straight dan Cross

Ahmad FananiApr 25, 2017

Cara Mencari Subttle Film Series Di Subscene Dengan Cepat

Ahmad FananiDec 15, 2016

SUBSCRIBE

CATEGORIES

RECENT COMMENTS

Irwan Hermanto

"bagus.. tngkatkan lagi kemampuannya..."

Created By SoraTemplates & MyBloggerThemes

You might also like