You are on page 1of 22

WILUJENG SEPEKENAN BAYI

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun. para pinisepuh ingkang kmabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek


sedaya ingkang dahat kinurmatan.

Sederengipun kula nyuwun pangapunten ingkang agung, awit kula jumeneng wonten
ngarsanipun panjenengan Sami. mboten nami ngirangi tata trapsila, ananging ngengeti
kawontenan ingkang mekaten. Kula nun, keparenga sumela atur nggempil kamardikan
panjenengan sekalian kalaipun saweg sekeco wawan pangandika.

Kula ingkang kajibah dados tetalanging tanggap wacana kalilanana kula matur ing
ngarsanipun para rawuh kakung

sumawana putri, bilih saking kaparengipun Bapak.

sekaliyan kula tinanggenah nglairaken raos pengaos ingkang mijil saking telenging manah.

Ingkang dingin Bapak . sekaliyan ngaturaken puji

syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, dene saged kaleksanan
angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan

putranipun/ptra putrinipun ingkang angka..Kaping kalihipun

Bapak sekaliyan mboten keupen ngaturaken pambagyasegeng rawuh dumateng


para tamu kakung sumwana putri.

Bapak.. sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene


panjenengan sami sampun kepareng

nglonggaraken wekdal sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Bapak
sekaliyan rumaos karoban ing

sih sutresna ingkang sakalangkung ndadosaken bombong bebeg bingahing manah.

Kajawi saking punika Bapak sekaliyan ngaturaken

sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun paring
sumbangsih kadarman arupi punapa: bau suku, rigen pratikel saha pisungsung ingkang
maneka warni, ingkang tundhonipun damel ngengreng saha regenging pasamuan sarta
cekaping kaperluan punika. Ingkang mekaten kalawan mugi-mugi Gusti Ingkang Maha
Agung paring piwales ingkang skalang-kung cekap.
Wandene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika,
syukuran sepekenan bayi awit Rikala dinten..tanggai
wulan.. tahunutawi surya kapingtahunBapak
saha Ibuangsal kanugrahaning Pngeran pikantuk putra
ingkang mijil. wonten ing kanthi wilujeng
mboten wonten alangan satunggal punapa.
Awit saking berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu
panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi tansah wilujeng nir ing sambekala
sumrambah sagung para rawuh.
Putra/putri ingkang angka.. punika dening Bapak
..sekaliyan dipun paringi tetenger.Kajawi
saking punika tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika
pinaringan berkah pangestuning Pangeran, mugi-mugi sageda murakapi dumateng tiyang
sepuhipun, saged mikul duwur mendhem jero. Saged migunani dhateng masyarakat
bebrayan, murakabi tumrap pembangunan, nusa, bangsa saha agami. Ugi sageda dados
pandekaring bangsa.
Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun
karantam tharik-tharik, ewondene taksih kathah tuna dungkaping tumindak.
Langkung-langkung tumrap atur pamboja krama sarta kiranging pangrengkuh anggenipun
mapanaken, kajarag wontenipun papan saha kirang trepsilanipun anggenipun mapanaken.
Pramila ingkang makaten wan Bapaksekaliyan
mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten thi-thaling rembag saha kirang
trepsilaning anggen kula matur awit kirange seserepan kula, saha kirang titi tata pratitising
atur tetemba-ngan, kersaa para rawuh anglunturaken samodra pangaksama. Akhirul kalam,
bilahit taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum Wr. Wb.
PAMBIWARA SEPEKENAN BAYI ( AQIQOH )
Bismillahirrohmaanirrohiim
Kawilujengan rahmat , saha berkah saking Gusti ingkang Maha Asih, mugi tansah tumedhak
dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Alhamdulillahi Rabbil Alamin
Asyhadualla ila ha ilalloh wa asyhaduanna Muhammadarrasullah.
Tasyakuran sepekenan bayi inggih aqiqohan anak bagus (nama bayi) putranipun bapak saha
ibu (nama ayah) wonten .. Rt , Rw ,Kalurahan Kecamatan , kutha .
Dinten Kamis Kliwon, surya kaping 8 Desember warsa 2011.
Para sesepuh, para pinisepuh saha para tamu kakung miwah putri ingkang kula bekteni.
Minangka pambukaning adicara inggih punika mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja
astawa puji astute raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, dene ing wekdal siyang
punika kula lan panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan, kekiyatan, sami saged
rawuh wonten ing dalemipun Bapak saha Ibu (nama ayah) ingkang ing wekdal punika
ngawontenaken tasyakuran sepekenan bayi inggih aqiqohan putranipun jaler , pun anak
bagus (nama bayi) ingkang sampun lahir kanthi wilujeng ndungkap pitung dinten/ sapasar
ing kalenggahan punika.
Shalawat saha salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Muhammad SAW minangka
rahmatan lilalamin , para kaluwarga lan para pandherekipun ingkang tansah setya bekti
dumugi pupating jaman.
Para tamu kakung saha putrid ingkang winengku ing karahayon, kula (nama
pambiwara) ingkang kasaraya minangka pambiwara ing wekdal punika badhe angaturaken
menggah urut-urutaning lampah adicara tasyakuran aqiqoh ing siyang punika, inggih
minangka purwakaning adicara inggih punika pambuka, ingkang kaping kalih inggih waosan
ayat suci Al Quran saha tegesipun, titilaksana ingkang kaping tiga inggih punika atur
pambagyaharja, ingkang angka sekawan inggih Pengaosan, ingkang salajengipun inggih
punika donga wilujeng kalajengaken upacara tigas rikma, kaping nenem inggih adicara
sepekenan bayi inggih aqiqoh paripurna.
Mekaten menggah reroncening adicara tasyakuran aqiqoh lairipun anak bagus (nama bayi)
Pambuka
Sanggyaning para tamu kakung saha putri ingkang tansah anengenaken tumindak ingkang
utama. Gegandhengan wekdal punika sampun nedahaken tabuh kalih welas siyang, jumbuh
kaliyan serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken, pramila titilaksana tasyakuran aqiqoh
mangga kita wiwiti kanthi maos basmallah sesarengan: bismillahirrohmanirrohim. Mugi-
mugi kanthi kita wiwiti nyebat asmanipun Gusti Allah, gesang kita tansah kinasihan Gusti
Allah lan tansah pinaringan rejeki ingkang kathah saha berkah. Amin
Waosan ayat suci Al Quran saha tegesipun
Adicara ingkang angka kalih inggih punika waosan ayat suci Al-Quran kalajengaken
saritilawah ingkang dipunsarirani bapak . saha sedherek . kula
sumanggakaken, sumangga.
Atur Pambagyaharja
Mugi-mugi kanthi dipunpurwakani firman-firmanipun Allah, titilaksana tasyakuran punika
tansah manggih wilujeng lan tansah pikantuk berkahing Gusti ingkang Maha Asih. Adicara
kaping tiga inggih punika atur pambagyaharja ingkang dipun sarirani bapak ,
jumenengipun jinajaran panjenenganipun bapak .. lan bapak Katur panjenengan
bapak .., kula sumanggakaken, sumangga.
Pengaosan aqiqoh
Wosing gatingkang sami kita tengga sampun dumugi, adicara ingkang kaping sekawan inggih
punika pengaosan aqiqoh ingkang kaandharaken saha dipunsarirani panjenenganipun bapak
Al-Ustad saking ., Wondene sampun karaos cekap lan paripurna
anggenipun paring andharan, kalajengaken waosan donga utawi puji pandonga raharja, saha
potong rambut anak bagus (nama bayi). Wekdal sacekapipun kula pasrahaken bapak Ustad,
katur panjenengan Bapak Ustad ., kula sumanggakaken, sumangga.
Adicara aqiqoh paripurna.
Para sesepuh, para pinisepuh saha para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing
karahayon. Amargi tansah pikantuk rahmat , hidaah saha berkah saking Allah SWT,
tasyakuran sepekenan bayi inggih aqiqoh anak bagus (nama bayi), wiwit purwa, madya lan
wasana tansah kalampahan kanthi rancak lan runtut kalisa ing rubeda.
Sepisan malih bapak (nama bapak) angaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan
menggah rawuh kula lan panjenengan sedaya. Ingkang punika konduripun ndhrerekaken
sugeng kondur, mugi-mugi tindak panjenengan sedaya tansah manggih wilujeng dumugi
dalemipun piyambak-piyambak. Kula (nama Pambiwara) minangka pambiwara menawi
anggenipun anglantaraken lan mranata reroncening lampah adicara ing siyang punika kathah
kalepatanipun, kula hamung nuwun lumubering samudra pangaksama. Nuwun ,
maturnuwun
Billahitaufiq wal Hidayah, wassalamualaikum Wr. Wb.
SESORAH SELAPANAN BAYI
Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Para Sesepuh ingkang dhahat kinurmatan


Para Bapak saha sanak kadang ingkang kula hormati
Purwakaning atur, sumangga kita sami ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun
Allah SWT. Ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya. Saengga kita saged
makempal wonten ing papan palenggahan menika.
Para Bapak ingkang kula hormati
Kula minangka pamangku gati, ngaturaken matur sembah nuwun kagem rawuhipun
panjenengan sedaya. Ing adicara selapanan menika kula sakulawarga nyuwun donga
pangestunipun para rawuh. Kagem kelairanipun putra pambajeng kula pun bagus Muhammad
Romadhon. Mugi-mugi putra kula saged dados lare ingkang sholeh, ngabekti dhumateng
tiyang sepuhipun saha anggadhahi akhlak ingkang sae. Adicara selapanan menika minangka
wujud raos syukur kula sakulawarga wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun
paring dhumateng kula putra ingkang bagus, sampurna boten kirang setunggal menapa.
Para Bapak ingkang kula hormati
Kados mekaten ingkang saged kula aturaken. Saklajengipun para rawuh kula suwun lenggah
rumiyin ngantos paripurnaning adicara.
Pungkasaning atur, kula minangka pamangku gati nyuwun agunging pangaksami awit
kathahing kekirangan anggenipun nampi para rawuh sedaya.

Nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

Katrangan:
Tegese Tembung:
1. Selapanan : duwe gawe nalika bayi umur telung puluh lima dina.
2. Purwakaning atur : Pembukane ngomong
3. Pamangku gati : Sing duwe gawe
4. Paripurnaning adicara : Rampunge acara
5. Nyuwun agunging pangaksami: Nyuwun ngapura sing akeh
6. Putra pambajeng : Anak mbarep, anak pertama
7. Pungkasaning atur : akhir kata
PIDATO BAHASA JAWA : ATUR PAMBAGYO WILUJENG ING TEMANTENAN

Assalamualaikura Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana
putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi
kasarira ing para tamu sadaya.

Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun


sakeca wawan pangandika.

Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para
rawuh sadaya, bilih saking kepare-

ngipun Bapak. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken

raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu
syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin
Ibu .. anggenipun gadhah damel ndaupaken putra putri ingkang nami
sampun kalampahan daup kaliyan rikala dinten
. tanggai kaping..wanci jam.wonten
ing..kanthiwilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha
Ibu..sakulawarga

kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken
pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh
sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-
ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.

Boten kasupen Bapak saha Ibu.ngaturaken

gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra,
tangga tepalih saha para muda-

mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan
panyumbang ingkang awujud punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu
sakulawarga mboten

saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-


mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta
angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.

Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu . sakulawarga

nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti,
mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh
sadaya.

Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen,
rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi
putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para
pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha
bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama
para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun
mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken
pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan.
suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis
ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya
wara punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur,
kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun !
ATUR PAMBAGYO TEMANTENAN
Assalammu'alaikum Wr. Wb.

Inggih kawilujengan, karahayon, kaslametan saha kanugrahaning Gusti mugi tansah


lumintu dhumateng ngarsa panjenengan sami.

Bapak Ibu tamu undhangan ingkang kula bekteni, sumangga kita tansah ngunjukaken
pujo lan puji syukur wonten ngersa dalem Gusti Allah, inggih kanthi rohmat lan hidayahipun
dhumateng kita sedaya saengga kita saged pepanggehan wonten ing pasamuan pahargyan
menika kanthi slamet lir ing sambikala.
Salajengipun kepareng matur dhumateng panjenenganipun Bapak Bupati, Kepala Daerah
Kabupaten Klaten injih menika Bapak Sunarna SE, M.Hum. ingkang satuhu kula kurmati.

Dhumateng para pinisepuh, sesepuh ingkang tansah satuhu luhuring budi, semanten ugi
para tamu undhangan ingkang tansah kinurmatan.
Saestu kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula kumawantun pideksa
wonten ngarsa panjenengan sami injih boten sanes minangkani mundhi dhawuh
panjenenganipun Bapak Ibu . . . . Kula wonten ngriki sepatah dados sulih sarira atur basa
ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan sami, sepindah Bapak . . . . kanthi
bombonging manah ngaturaken panuwun ingkang ageng sanget saha ngaturaken atur
pambagya harja sugeng rawuh jengandhika.

Salajengipun dipunsekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning pawiyatan


ing siang punika. Menggah mekaten pungkasane atur kawula hambok bilih anggen kula
matur wonten ngarsa panjenengan kirang mranani ing penggalih, saestu kula pribadi nyuwun
agunging samudra pangaksami.

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.


TANGGAP WACANA (PASRAH PENGANTEN)

Assalamualaikum Wr. Wb. Kula nuwun, para tamu kakung miwah putri ingkang kula
kurmati, Bapa Handaya ingkang minulya.
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Sawaldiyono sarimbit, ingkang
sepisan Bapa Sawaldiyono ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapa Handaya sarimbit,
kanthi pepuji mugi-mugi Bapa Handaya sarimbit tansah pikantuk barokah
saha rohmating Pangeran lan rahayu ingkang sarwa pinanggih.

Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah masrahaken calon penganten kakung ingkang peparab
Bambang Anggara ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Rara Kustanti putra putrinipun Bapa
Handaya.

Kajawi punika Bapa Sawal ugi ngaturi tandha tresna arupi sandhangan penganten putri
sapangadeg.

Salajengipun mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab sampun satata,
keparenga ijabing penganten lajeng katindakna.

Mugi-mugi lampahing ijab penganten kekalih tansah manggihi wilujeng, nir baya nir ing
sambekala. Mekaten atur kula tamtu kathah galap gangsulipun anggen kula matur, awit
saking punika kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Nuwun.
TULADHA PASRAH
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun
tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih
sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing
ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin
ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung,
dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih
kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinurmatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa
panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi
kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha
wigatining prelu, kula kadhawuhan nglarapaken temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST,
atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing Kuripan Purwodadi
ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2012 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr.
Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika
temanten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong
menggah kalaksananing sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah
manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkap ing
tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani
ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami
Nuwun matur nuwun.
TULADHA NAMPI PASRAH TEMANTEN

Nuwun /kula nuwun,


Katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih
sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha
hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah
dhumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun
berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi
wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan
dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah
panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula
tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi Bapak
Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono sekaliyan,
salajengipun pasrah panjenengan temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi
suka bingahing manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra
putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong,
sasampunipun dhauping temanten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi
wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga
paring pangapura.
Matur nuwun.
TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN
Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp. ............................................ (ingkang pasrah) ingkang piniji
hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp.
............................. sekalihan garwa (badhe/calon besan) ingkang pantes katuran sagunging
pakurmatan.

Pasrah Lamaran
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit
mradapa keparengipun Bp. ................................. sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kula
piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasin sedya ingkang
luhur saking panjenenganipun Bp. ..................................... sekalihan, lumantar
panjenenganipun Bp. ...................... (ingkang pasrah).

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadan karya, kanthi
wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun
badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-
sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka
bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp.
................................. sekalihan (inkang mengku gati). Boten kekilapan panjenenganipun Bp.
.................................... sekalihan, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya
peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan
dhumateng Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana
raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra
pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp. .................................... sekalihan (ingkang mengku
gati) lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi mangsa kala tumapaking
ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp. ............................................ sekalihan
garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning panggalih hajenengi paring
pudyastuti murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen
kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking
wicara, cawuh kisruhig paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata
krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.

Akhirukalam, billahit taufik wal hidayah


Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
PIDATO BAHASA JAWA SINGKAT : ATUR PANAMPI PASRAHAN

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek


saha dutaning besan ingkang dahat kinurmatan.

Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung awit kula jumeneng ing mriki.

Panjenenganipun Bapak . (asmanipuningkang masrahaken) kula


minangka wakilipun Bapak..sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi
matur, amargi Bapak.sekaliyan nembe ngeraosaken bombongin

penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.

Sepindah, panjenenganipun Bapak,. sarimbit

ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun
ndhawahaken kanugrahan dhumateng

Bapak saha Ibu, katitik ing wekdal punika saged

ngajangi pawiwahan upacara pasrah-pasrahan.

Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak.

sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panje-nengan sadaya, ingkang


sampun kanthi sugeng basuki mlarapaken sarat sarana pasrahan saking dalem dumugining
wisma mriki.

Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening


Bapak.sekaliyan, ingkang lumantar Bapak (ingkang
ngaturaken pasrahan) kala wau.

Semanten ugi Bapak. sekaliyan ngaturaken

salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha Ibu..kanthi pepuji mugi-
mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan
tinebihna ing godha ren-cana.

Kaping sekawan, Bapak..sekaliyan neda nerima ngaturaken matur


nuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bapak.sekaliyan kersa
angenthengaken bot kare-

potaning Bapak..

Pramila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning
manah. Menawi sadayanipun sampun sumekta ing damel, Sri panganten kekalih badhe
kadhau-paken .
Mawantu-wantu panyuwunipun Bapaksarimbit mugi panjenenganipun
dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget kaparenga anglajengaken
suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripumaning
pahargyan punika.

Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula nga-turaken atur panampi punika taksih
kathah cicir-cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun
gunging samodra pangaksama.

Nuwun,

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


ATUR PASRAH PENGANTEN KAKUNG
Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen. para pinisepuh, saha para
sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-
langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan.
Panjenenganipun para Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten
pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah
ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban
pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang
satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri,
sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu.
Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga,
saha sanggyaning bebrayan agung ing..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing
budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT,
karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan
sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged
makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan
setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah
tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir
dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih
Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun
wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Kula pun ............................. ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu
.................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang
pidalem ing ............................................., keparenga matur dhumateng panjenenganipun
Bp/Ibu ......(pemangku gati)...........dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng
panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat
silaturrahmi.
Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ..................................... gotrah
kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung
kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung)..........ngriki, saha sanggyaning para
rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur assalamu'alaikum wr.wb.
Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah,
dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)........... sampun saged ngleksanani darmaning
asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan
langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula
sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula
sarombongan ngaturaken agunging panuwun.
Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga ingkang minulya ing
budi, Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging
panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan
negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara
kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking
menika, putra temanten kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula
pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga, kinanthenan
pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha
pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan
bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.
Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ........................... gotrah kulawarga,
amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia
dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.
Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing
samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani
anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare
ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalelo, mila katambahana menawi kirang, lan
kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae,
ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan
pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana
bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi
kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan
keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan
kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.
Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para
kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken
pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.
Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.
TULADHA RUMPAKA (PANYANDRA KIRAB TEMANTEN )

Wus dumugi unggyan ingkang timuju. Ki Suba Manggala gya asung dhumateng putra
temanten sarimbit mulya jengkar saking sasana rinengga, jengkaring putra temanten pindhane
Sri Narendra lagya cengkrama kalihan ingkang garwa ( lajeng mungel Ketawang Langengita
Srinarendra laras pelog pathet barang )

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, padatan kirabing putra temanten punika
dipun rumpaka, wondene rumpaka punika wonten kalih, (1) rumpaka panyandra, (2) rumpaka
wedharan, keparenga kula ing mriki ngaturaken rumpaka wedharan, binarung swaraning
gangsa kang hambabar ketawang Langengita Srinarendra katingal putra temanten jengkar
saking sasana rinengga keparenging sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh
manjing ing panti busana arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana
kasatriyan, sinten ta pinangka pangarsaning lampah inggih winastan suba manggala ingkang
ateges suba punika sae, manggala punika dados pangarsa ingkang sae, mila mboten mokal
lamun ta kadang . Piniji pinangka pangarsaning
lampah ingkang mengku werdi asung pralampita dhateng putra temanten sekalian engeta
dhumateng Gusti ingkang akarya loka, mila jejering manggala suba naming setunggal,
sinamunging lampah kisuba manggala, talang pati inggih satriya kembar pimilih taruna kang
bagus warnane kembar busanane mengku prlampita dhumateng putra temanten tansaha
kembar pakartine, kembar cipta, rasa lan karsane, menggah werdinipun satriya prlampita
mugi sri atmaja temanten sageta hanglenggahi jejering satriya tama ingkang winengku tri
prakawis
PANYANDRA MANTEN
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang
kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh,
purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing
setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir
gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten .............
adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung.
Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa
sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang
samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged
jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing
tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri
lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti
sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing
awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka
atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata,
kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang
rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi
miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos
bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih
panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit
sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya .....[7 Maret 2013]... pinilih minangka dinten sawiji,
jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang
para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan
pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling
papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh
kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung,
ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung
setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene
memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei,
jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal
kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama
tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep


sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.
Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan
samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung
ing pangaksama.
Nuwun.
TULADHA PANYANDRA KIRAB KANARENDRAN

Sindhem premanem datan sabawa, ron-ronan datan ebah samirana datan lumampah.
Hamung larasing gendhing Ktw. Langen Gita Sri Narendra munya hangrangin yayah asung
pakurmatan dhumateng Dri Penganten sarimbit kang nembe kirab.
Dupi sampun sawetawis nggennya lenggah ing dhampar pelaminan, ing mangke Sri atmaja
pinanganten sarimbit sampun kepareng jengkar saking sasana adimulya, arsa manjing panti
busana, Keparenging karsa nedya lukar busana keprabon, gumbanti hangrasuk busana
kasatriyan.
Lamun cinandra tataning lampah, ingkang lumaksana ing ngayun nenggih punika ta
ingkang sinebat sang Subomanggala. Sinteta ingkang kepareng pinangka Subamanggalaning
lampah ?. Tan sanes nenggih panjenengaipun Ki Lurah Badranaya. Dhasar sampun yuswa,
lebda ing budaya, katitik tumapaking pada tansah nut wiramaning gangsa, sinawung ebahing
asta mangulah langen mataya. Jroning lumaksana, sakedhap-sakedhap noleh nganan,
sakedhap-sakedhap noleh ngering , sakedhap-sakedhap tumoleh wingking, Sayekti asung
teuntunan dhumateng Sri Penganten sarimbit, murih tansah hanengenaken mring rasa
pangati-ati, samubarang tumindak kedah linambaran petangan ingkang pratitis.
Sawurining sang Subomanggala, katingal ana jejaka tumaruna lumaksana jajar, busana
kembar sarwi jenar, punika ta ingkang sinebat Manggalayuda ya talang pati ugi winastan
Satriya kembar. Jroning lumkasana tansah mabukuh yayah prayitneng kewuh, hanjagi
kayuwananing sang pindha Narendra. Dhasar satriya kekalih samya bagus pasuryane,
sembada salirane, pramila pantes lamun kinarya bebetenging sri nata jroning lumaksana.
Sinteta ingkang piniji pinangka Talang pati? nenggih Dhimas Bambang Priyambada dalah
Bambang Wijarnarka.
Ingkang lumaksana sawingkingnya Manggalayuda, punika tawarnane patahing temanten.
Pinaragan dening Nini Endang Aryani dalah Nini Endang Palupi. Sanadyan maksih wanodya
alit, parandene sampun bangkit hangarah prana ingkang samya priksa. Mratandani bilih
benjang dewasane tentu bangkit hangentasi karya.
Ingkang katingal abyor busanane, lumaksana tansah gegandhengan asta, nenggih punika ta
gegununganing pahargyan, ya rising pinanganten sarimbit. Kekalihira samya sembada ing
warna dhasar rinengga busana kang sarwa endah. Eling-eling sanes busana limrah , nanging
tuhu pepethinganign busana. Mila mboten mokal kalamun pinanganten sarimbit datan
mantra-mantra jalma madyapada , kawistara pindha Bathara Komajaya Komaratih
mangejawantah.
Pinanganten kakung ngagem busana narendra, makutha kanigara, pinalipit rukmi ginepeng,
pinatik rukma kumala. Atela warna kresna, sinulam benang kencana. Ngagem Sangsangan
rinengga inten barleyan, carob kalayan sangsangan puspita rinonce, sinawang tuhu
hangwimbuhi bregase temanteng kakung. Wangkingan warangka ladrang rinengga oncen-
oncening puspita, kinarya lumksana ebah-ebah nambahi gagah. Nyamping Sidomukti
pinarada, sayekti katon wibowo.
Pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang sulistya ing warni Gandhes luwes merak ati,
sasolahe milangoni,. lelewane tansah hanuju prana. Kawimbuhan dedeg ngringin sungsang,
prkulitan kuning nemu giring, guwaya mawa teja, polatan ndamar kanginan, wadana lir
kirana purnmasidi. Alise nanggal sepisan, idepe tumengin tawang, netra kocak lindri-lindri ,
grana ngrungih, karna sedhengan njamur kuping, pipine nduren sajuring . Lathinya manggis
karengat, waja limpit miji timur, lamun mesem pait madu.
Pinanganten pruti ngagem kebayak ingkang warnane, sinulam benang kencana. Nyamping
sidomukti kembar kaliyan kang denagem penganten kakung. Mratandhani lamun wus kembar
tresnane manunggal ing sedyane./ Bebasan wus tir padha irenge, yen di tir ya padha irenge.
Ingkang lumaksana jajar kalih ing sisih wuri , menika ta para warara kang cinandra kadi
putrid Dhomas./ Sedaya samya sulistya ing warna, dhasar maksih Kenya, upamiya sekar
nembe dedheng mangurah sari, pramila datan mokal lamun dadya punjering kawigatosan
tumrap para jejaka tumaruna ingkang samya priksa
Sumusaul sawingkingipun nenggih para kadang sentana saking pinanganten sarimbit,
ingkang tansah ing madya mangun karsa. Dene pinangka panutuping lampah, nenggih rama
ibu saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah tut wuri handayani
Nalika samana, sampun mentar rising penganten sarimbit , laju tindakroa, manjing panti
husana.
Pramila pinunggel semanten rumiyin pangrumpaka Adeging Kirab Kanarendran, hangantu
ing mangke tumapaking Kirab kasatriyan.
CONTOH SEDERHANA NASKAH PANYANDRA
(temanten tumuju wonten ing sasana panti pahargyan)
Paripurna titilaksana lampahing upacara adat widi lan widana wonten ing sak ngajenging
panti pahargyan,nalika samana kawistara sri atmaja pinangantyan sarimbit sampun
sinengemban sindur dening ingkan rama,pasemone yekti daup iro wus tinuntun dening reh
kautaman,mugya samangke datan nalisir saking anger ungering kautaman.
Kawistara sri atmaja pinagantyan sampun lumaksana kanthi kekantenan asta bebasan datan
genggang sarekma pinarasasra.Sembada ing driya,tan mingkuh salwiring kewuh,yen yo
tamtama sumbaga wiratama,prawira jayeng palugon,tatag tangguh tanggon sarta kebaking
raos tanggung jawab.
Lumaksana tumuju wonten pernahe dampar rinengga,dampar ingkang mligi cinawesake
kinarya lenggahing sang mustikaning gati wiwaha.Pepaesaning sasana rinengga kawistara edi
sakalangkung peni,hangagem puspita rinonce arum kongas gandane endah yen to
dinulu,mugya kanthi endah sulistiyaning warna mahanana dhumateng luhuring budyatama.
Lumaksana kanthi kekantenan asta,atut runtuting wirama gangsa.Awit wantering puja puji
pangastuti saking ngarsanipun para rawuh ingkang minulya,samanke sri atmaja pinangantyan
sarimbit kawistara sampun lenggah hangana raras pida kumajaya kumaratih,samangke sri
atmaja pinagantyan sarimbit siyaga netebi tumapaking adicara saklajengipun.
NuwunnuwunMaturnuwun

You might also like