You are on page 1of 4

1

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakumullah


Wonten wekdal puniko monggo tansah ngaturaken syukur kito dateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat
ingkang kathah, arupi panjang umur, nikmat sehat lahir batin ingkang kasariro dateng kito sami, tansah akur dateng
sedulur, nikmat nagari ingkang gemah ripah lohjinawi, makmur subur sedoyo saget tinandur kanthi semulur, langkung-
langkung nikmat agami Islam, puncaking kanikmatan gesang ingkang samangke mbekto manungso kebahagiaan hakiki
dunyo dumugi akhirat.

Godong salam bumbune janganan, solawat salam kunjuk dateng manungso pilihan, Nabi uhammad SAW, ingkang
dados tuladaning titah saklumahing bumi, sakkureping langit, ingkang tansah kitoantu-antu safaatipun. Mugi-mugi ugi
lumeber dateng keluarganipun, sedoyo sahabatipun, sarta penderekipun ingkang setyo tuhu gegesang sunah-sunahipun.

Wonten khutbah puniko kulo ngengetaken dateng kulo piyambak lumeberipun dateng sedoyo jamaah, monggo kito tingkataken ketaqwaan kito
dateng Alloh SWT, kanthi upoyo tanpo selo, terus tanpo ngagem leren, ningkataken ketaatan saho nebihi saktebih-tebihipun sedoyo awisanipun Allah
SWT.

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakumullah


Mangga kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-
dhawuhipun Allah lan nebihi saha nilar sedaya awisanipun Allah. Antawis dhawuh kalian awisan Allah punika, satemah
sampun nyata jelas kasebat ing dalem Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW. Sedaya dhawuh menawi dipun
tindakaken badhe nuwuhaken raos tentremipun jiwa, semanten ugi sedaya awisanipun Allah menawi dipun tindakaken
tentu badhe bekto dhateng sengsaraning gesang, melai saking dunya dumugi ing akherat samangke.

Kathah tiyang iman nanging piyambakipun tansah nampi mapinten-pinten cobi, malah menawi dipun raos selami
gesangipun tansah nandang perkawis ingkang boten wonten akhiripun. Kosok wangsulipun tiyang ingkang fasiq, kufur
lan syirik dhateng Allah, nanging ing perkawis kadunyan tansah pikantuk kabegjan. Sahingga kawontenan punika
kagem saperangan tiyang Islam saget dadosaken kemerenm malah saget ugi dadosaken saperangan tiyang sami fasiq lan
murtad. Allah SWT sampun ngendika ing QS. Al Ankabut: 2:
2




ingkang artasipun: Apa toh manungsa iku padha ngira yen dheweke kabeh iku diumbarake (wae) sebab dheweke
kabeh wis padha nyatakake kanthi pengucape: ingsun kabeh wis padha iman, (banjur) ora dicoba? (QS.AlAnkabut:2)

Kanthi mekaten perkawis mindakipun kasil, minggahipun pangkat, kedah dipun konduraken dhateng hakekat
kanugrahan punika satemah salah satunggal saking peparingipun Allah ingkang kedah dipun syukuri. Bandha punika
namung titipan, pangkat lan jabatan punika amanat ingkang badhe dipun suwuni tanggel jawab. Dipun paringi sekedhik
tansah syukur lan dipun tambah kanugrahanipun inggih tambah anggenipun syukur dhateng Allah, mekaten kasebat ing
dalem Alquran: Q.S. Ibrahim: 7




ingkang artasipun : Lan (elinga uga), arikalane Pangeran ira kabeh mbiwarakake (kang surasane): Sayekti kalamun
sira kabeh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat) marang sira kabeh, lan kalamun sira kabeh
padha ngingkari (nikmat Ingsun) mula satemene siksa Ingsun iku banget larane. (QS. Ibrahim: 7)

Syukur punika raos bingah lan marem wonten ig sak lebeting manah, sahingga kanthi syukur badhe nuwuhaken pakerti
sae. Ibaratipun sasampunipun nampi kanugrahan badhe tambah iman lan amalipun, dados tiyang ingkang saget
migunani dhateng sedaya umat manungsa. Kosok wangsulipun sifat kufur punika badhe nutup sedaya nikmat lan
kanugrahan, amargi sedaya peparing punika dados perkawis ingkang sampun biasa lan boten migunani.

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakumullah


Midherek Rasulullah SAW wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita syukuri:
1. (nomor setunggal) Wekdal nem sak derengipun dumugi wekdal sepuh.
Wekdal nem punika wekdal ingkang sarwo ngremenaken, nanging ampun ngantos raos remen punika nilaraken
kewajiban. Kanthi mekaten wekdal nem, wekdalipun kagem ngudi ilmu lan agami. Kanthi ilmu saget kangge bekal
gesang ing wekdal ingkang badhe dhateng pikantuk kamulyan. Kanthi agami badhe paring pitedah dhateng sedaya
perkawis ingkang kedah dipun tindakaken lan kedah dipun tilar. Jalaran agami sampun paring paugeran kangge
gesaningipun para manungsa.

2. (nomor kalih) Wekdal gesang sak derengipun pati.


Gesang punika kesempatan ingkang dipun paringaken Allah kagem sedaya manungsa. Kanthi gesang manungsa tasih
saget nindakaken amal ibadah, nambah amal salih lan kesempatan kangge mertobat. Kanthi mekaten kesyukuran kita
tingkataken kanthi nambah amal ibadah dhateng Allah SWT. Jalaran gantosipun dinten lan tanggal, wulan lan tahun
satemah yuswo kita malah kirang, mekaten punika amargi yuswanipun manusngsa sampun kacathet wonten ing Louhul
Mahfudz, sampun dipun tetepaken dening Allah. Ngantos pinten tahun manungsa dipun paringi gesang ing alam dunya,
namung allah ingkang pirsa lan kita sedaya namun nindakaken gesang.
3

3. (nomor tigo) Wekdal sehat sak derengipun dumugi sakit.


Kanthi sehat manungsa badhe ngraosaken nikmatipun tiyang gesang, dhahar, ngunjuk, sare, lungguh, jumeneng lan sak
terasipun. Kawontenan punika dados kenikmatan ingkang asring dipun lirwakaken. Kathah-kathahipun ngraosaken
nikmat sehat nalika nembe sakit, kanthi mekaten nalika nembe sakit asring ngghadahi harapan menawi sehat badhe
infaq, shadaqah, olah raga, dhahar lan ngunjuk ingkang beraturan lan sak sanes-sanesipun. Ananging nalika sehat
sedaya cita-cita punika dipun tutup kanthi kekiatan hawa nafsu.

4. (nomor sekawan)Wekdal longgar sak derengipun dumugi wekdal rupek.


Allah SWT paring wekdal ingkang sami dhateng kawulanipun, sedinten sedalu inggih 24 jam. Wonten tiyang ingkang
rumaos kirang kalian wekdal ingkang dipun paringaken punika, wonten ingkang cekap lan wonten ingkang kathah
wekdal longgaripun. Kanthi mekaten wujud syukuripun dipun paringi wekdal longgar punika dipun ginakken kangge
ngudi kaweruh, moas buku, kitab, utawi pados wejangan saking para penggedhe. Jalaran boten saget ngginakaken
wekdal punika badhe beta dhatengaken kapitunan.

5. (nomor gangsal) Wekdal sugih sak durunge temeka wektu kere.


Abu Dzar Radhiallahu anhu nate nyriosaken bilih Rasulullah SAW ngendika:

: :
: : .

Ingkang artasipun: Abu Dzar, apata sira ningali akehe bandha iku dadi kesugihan?. Aku (Abu Dzar) ngucap: Inggih
dhuh Rasul. Rasulullah ngendika: Apata sira ningali maring sithike bandha iku dadi mlarate? Aku (Abu Dzar)
ngucap, Leres dhuh rasul. Rasulullah ngendika sak temene kesugihan iku sugihe ati, lan kemiskinan iya iku mlarate
ati. (HR. Ibnu Hiban)

Kaum muslimin jemaah Jumah Rahimakumullah


Sugih bandha menawi boten dipun kantheni kalian sugih ati, badhe dados bencana. Margi kathahipun bandha punika
boten badhe dados cekap nanging tansah kirang. Allah SWT sampun ngendika ing QS. Al Anfal: 28




ing artasipun: Lan ngertenana, yen bandhan-ira lan anak-ira kuwi namung minangka pacoban lan satemene ing
Ngarsane Allah ana ganjaran kang gedhe. (QS. Al Anfal: 28)

Supados gesang kita tambah sae lan kraos sakinah kedah dipun usahakaken supados kita dados tiyang ingkang saget
syukur dhateng Allah. Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, aamiin.
4

You might also like