You are on page 1of 3

Naskah Bahasa Jawa Pranata Acara Halal Bihalal

Assalamualaikum Wr.Wb

Sak derengipun sumongga kula derekaken memuja lan memuji dumateng


ngarso dalem Allah SWT ingkan smpun paring rahmat, taufik hidayah sarta
inayah ugi ing wedal dalu punika mboten karaos kulo panjenengan tansh
pinaringan nikmat kesehatan, kesempatan, iman lan islam. Shalawat saha salam
mugi katetepaken wonten ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW
inggkang dipun tengga syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.

o Para hadirin rahimatullullah ingkang dipun mulyakaaken dening allah


SWT, ugi katur dumateng panjenenganipun Bp. Lurah SUPRIANTO
ingkang kawula hormati.

o Panjenenganipun Al mukharom Bpak ustad SURIF FATCHUR igkang


kawula hormati

o Panjenenganipun para pinisepuh-saha sesepuh wonten ing padukuhan


desa DENGOK Sowanipun ingkang hanggung mastuti dumateng
popayaning kautamen ingkang pantes nampi pakurmatan.

o Boten katalumpen kunjuk panjenenganipun para alim ulama ingkang


rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi ingkang pinangka
kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.

o Para tamu undangan ingkang satunggal bapa satunggal mboten saged


kawula sebataken ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Gegandengan wedal sampun winanci, pramila pangaosan sak lebetipun acara
halal bihalal ingkang diwontenaken rutin setunggal tahun sepindah wonten ing
desa DENGOK leresipun wonten dalemipun bapak KARSONO. kaparengo
kula sumawelo atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan
punapa dene imbal wacana ingkang saperlu badhe ngaturaken urut reroncening
adicara wonten ing dalu punika.

Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:

1. Pambuka

2. Gema Wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Quran.

3. Prakata Panitia

4. Ikrar halal bihalal

5. Inti acara Halal bihalal

6. Penutup

o Bilih adicara ingkang sepindah Pambuka : sumangga adicara halal bihalal


punika dipun bukak kanti waosan umul kitab Al-fatiqah

o Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka


candak ipun nuwun inggih waosan Gema wahyu Ilahi puanapa dene waosan
ayat suci Al Quran ingkang bade kasarira dening kadang kula anem :
Sdr(Qori) dene ingkang maos sari tilawah (pembaca arti ayat dalam
Quran) kapiji dening Sdri.

o Purno diniro Gema wahyu ilahi badhe kapacak menggah rantamaning


adicara Prakata panitia. Prakata panitia dipun wedhar dening Prakata
sambutan saking kepala desa DENGOK. lanjut Prakata panitia pelaksana
Bapak SUPRIANTO.

o Ikrar halal bihalal : bilih ingkang badhe hangaturaken ikrar halal bihalal
minangga sulih sariro saking kadang pemuda kapiji Sdrwondene ingkang
badhe nampi pinangko wakil saking tiyang sepuh kapiji panjenganipun
Bapak KARSONO.

o Inti acara halal bi halal punapa dene Maedho khasanah ingkang badhe
kasariro panjenenganipun Al mukharam Bp Ustad SURIF FATCHUR lan
ing pungkasaning pengaosan punika kaparengo katutup kanti wasilah doa.

o Penutup

Sang ya ning para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT
ingkang agung sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen
kawula hangayahi jejibahan pinangka pranata acara halal bihalal wonten ing
ratri punika, pramila bilih wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula
matur. Ugi hambok bilih wonten kelepataning atur kawula, mbok bilih
dadosaken kurang renaning penggalih wonten ngarsa panjenengan kula tansah
nyuwun agengeng pangapunten.

Akhirul salam wabilahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like