You are on page 1of 2

Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes

kinabekten.
Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih
sampun ndungkap ndalu. Pramila monggo hadicoro pepanggihan wonten
ing dalu punika tumunten kawiwitan.
Namung sak derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing
ngarso dalem Allah SWT , Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah
dumateng kito sedoyo, sholawat sarto salam mugi2 tansah katetepno
dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2 syafaatipun wonten ing
yaumul qiamah.
Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah
susunan acara ingkang bade kito lampai :
1. Pambuka
2. Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam....)
3. Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng bpk...
4. Pembukuan
5. Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban)
6. Panutup
Monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak kathi waosan
basmalah...
Acara sak lajengipun sambutan saking tuan rumah (Ketua Kelompok
Ronda Malam...)

Poro bpk Lan sederek sedoyo, Acara sak lajengipun amalan milo wekdal
Kasumanggaaken dumateng bpk....
Acara sak lajengipun Pembukuan wekdal kasumanggaaken dumateng
ing kang tinanggenah.
Poro bpk lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur
pamundutipun ingkang kagungan dalem kito kacaosan unjukan soho
daharan menopo kawontenanipun saking kersanipun katuran dahar soho
ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten badan kito sedoyo
pramilo kito langkung rumiyen doa sesarengan.
Acara sak lajengipun lain2 namung sakderengipun wekdal kito aturaken
dateng ketua paguyupan.
Acara sak lajengipun penutup.
Milo monggo pepanggian ing dalu puniko kito syukuri kanthi waosan
hamdalah.
Lan saking kulo ambok bilih anggen kulo nderek aken adicoro ing dalu
punika katha klenta klentu kulo nyuwun agunging pangapunten.
Kulo akhiri Wassalamuaalaikum wr, wb

You might also like