You are on page 1of 2

SEJARAH ADZAN TIYANG PITU MUADZIN

Adzan pitu punika tradisi sing ganjil nanging tradisi adzan punika dilaksanaaken kaliyan tiyang pitu sesarengan . Lan adzan pitu niki namun wonten ing Masjid Sang Cipta Rasa , setunggaling masjid panggenane ingkang wonten ning sebelah kilen Keraton Kesepuhan Cirebon . Tradisi adzan pitu sampun dilampahi sa turunane wiwit gangsal atus kepengker . Tiyang pitu ingkang ngelantunaken adzan punika pengurus masjid ingkang dipilet kaliyan penghulu masjid , senaos mboten wonten syarat khusus , nanging sebagian ageng muadzin puniki turunane saking muadzin pitu sederengepun . Senaos kenging literatur sejarah adzan wanoi ewet ditemukaken nanging kathah buku-buku ingkang pasaran malah nyaritaaken Sejarah Kesultanan Cirebon . Kito namung angsal ceriyos saturunane wonten pasaran ing rakyat Cerbon piturut keterangan ingkang wonten kalih versi tradisi adzan pitu . Versi Pertama , tradisi adzan pitu asale saking Masjid Sang Cipta Rasa tasih ngangge atap rumbiah lan punika nyebabaken kebakaran ageng , ningali kawontenan punika kathah ingkang dilakukaken kangge mateni geni , nanging tasih gagal , sesampune akhirepun garwone Sunan Gunung Jati asmanepun Nyi Mas Pakung wati nyaranaken supados dikumandangaken adzan , nanging geni dereng ugi parem , adzan dikumandangaken kaliyan tiyang kalih teras urut-urutane ngantos tiyang tigo ngantos enem tiyang , nanging geni nembe parem sesampune wonten adzan dikumandangaken kaliyan pitung tiyang muadzin . Nembe wekdal punika tradisi adzan pitun dilestarikaken dugi sak punika . Versi Kaping Kalih , nerangaken adzan pitu punika titah saking Sunan Gunung Jati kangge strategi tegalahken pendekar awon ingkang gadhah ilmu cemeng nginggil namine Menjangan Wulung , nalika Menjangan Wulung nunclok wonten kubah mesjid lan nyerang saben tiyang ingkang badhe dateng mesjid , badhe adzan nggih badhe sholat . Saben Muadzin ingkang ngelantunaken adzan punika mesti sedha kenging serangan Menjangan Wulung . Sesampune Sunan Gunung Jati nyuwun pitung tiyang ngelantunaken adzan sekantenan sesarengan , nalika adzan rampung dikumandangaken , langsung kepireng wonten bledosan saking nginggil mesjid . Menjangan Wulung ingkang wonten kubah Mesjid Sang Cipta Rasa blari , sareng mabur mencelat lan rahipun dawah kececeran . Sesarengepun kesahe Menjangan Wulung diceritaken kubah Masjid Sang Cipta Rasa nderek kebakta lan kubah punika numpuk wonten nginggile kubah Mesjid Agung Serang Banten , diceritakaken senaos punika Masjid Sang Cipta Rasa Cirebon mboten gadhah kubah , nanging Masjid Agung Serang Banten gadhah kalih kubah ingkang numpuk . Diceritakaken piturut tiyang sepuh Ruh Menjangan Wulungan kececeran punika numbuh dados taneman waluh cemeng atawawis tiyang Cirebon biasa mastani waluhireng lan menawi dhahar waluh ireng punika pantangan kangge lare putu tiyang Cirebon , sesampune wekdale Menjangan Wulung sampun ical kenging mental saking Masjid sesarengan kaliyan njebluke kubah (momolo) masjid . Nanging disayangaken setunggal saking pitu amir masjid punika sedha . Ing Indonesia wonten jumlahe mesjid ingkang gadhah nilai-nilai sejarah lan kesaean arsitekturipun . Masjid-masijd kasebat dados saksi perkembangan ipun Islam wonten Tanah Jawi salah setunggale Masjid Agung Sang Cipta Rasa wonten Cirebon , panggenan wonten adzan pitu dilaksanakaken . Warga gadhah biji piyambek kangge ngungkapaken biji agama lan sejarah Masjid puniki , angsal amargi punika wonten warga kasebar criyos-criyos ingkang ndirikaken , asal paringan jeneng lan criyoscriyos . Gituripun kados criyos asale dilaksanakaken adzan pitu . Secopote saking benten-bentene punika kawontenan biji agama , sejarah lan budaya Masjid Agung Sang Cipta Rasa ingkang penting sanget kangge warga Cirebon , upaminipun adzan pitu ingkang dikumandangake kaliyan tiyang pitu sesarengan numbuhaken kepercadosan kaliyan kuate ucapan Allahu Akbar (Allah Maha Agung ). Kawontenan pelaksanaanipun adzan pitu wonten Masjid Sang Cipta Rasa cekap narik kepengenan para wisatawan atawis peziarah kangge ngunjungi masjid puniki . Perkawis ngoten mboten gumun menawi dinten jumuah wonten kathah tiyang ingkang rawuh lan nderek ngelaksanakaken sholat jumuah mboten namung tiyang kaking mawon ugi wonten tiyang istri .

Adzan pitu wonten Masjid Sang Cipta Rasa namung salah setunggale wujud tradisi ingkang ngrupakaken bagian saking budaya Cirebon. Bentenipun wontene Masjid Sang Cipta Rasa kaliyan tradisi adzan pitunipun . Cirebon taksih gadhah kathah tradisi-tradisi bentene ingkang ugi supados dilestarikaken kados tradisi iring-iringan panjang jimat . Kaliyan terus ngerawat , mempertahanaken lan ngelestarikaken tradisi lan budayanipun setunggale daerah badhe berguna sanget kangge perkembangan pariwisata daerah kasebat . Kangge ngelestarikaken tradisi setunggale daerah diperlukaken ndamel sesarengan ingkang sae antawis pemerintah daerah lan warga ugi . Pemerintah daerah sampun sepatutipun ngrencangi lebete ngelestarikaken setunggale panggenan wonten daerah kasebat ingkang ngrupakaken bukti-bukti sejarah ingkang kepengker . Peranipun warga mboten kalah penting , antawise kaliyan ngunjungi panggenan-panggenan bersejarah lan purun ngenal tradisi tradisi ingkang sampun wonten panggenanepun punika sembotenipun sampun nedhahi kaliyan tiyang-tiyang purun usaha ken lan ngrencangi setunggale tradisi lan budayanipun .

You might also like