You are on page 1of 4

Wonten pangarsanipun poro alim ulama inkang kita dereki,.

Dumatheng panjenenganipun bapak Kyai


Ingkang kito suwun nasehat soho do’a nipun.

Dumatheng poro rawuh Bapak Ibu sedoyo nipun ingkang rawuh puniko, majelis
dalam rangka pengaosan ……………………… ingkang kito hormati ugi ingkang
dipun mulyakaken Gusti Allah SWT.

Sakderengipun monggo kito ngaturaken raos syukur kito dateng Alllah SWT
ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan soho hidayahipun, saenggo
kito saged makempal wontening majelis kanthi sehat walafiat, kanthi syukur
monggo kito sedoyo maos Hamdalah sesarengan

Sholawat Salam
Kito aturaken dumatheng nabi kito Nabi Muhammad SAW, nabi ingkang
saged paring safaat dateng umatipun, mugi-mugi kito sedoyo kalebet dados umat
ingkang angsal safaatipun, amin-amin yarobal alamin.
Poro rawuh ingkang kito hormati kaparengo dalem matur minangkani
pranoto hadicoro maosaken susunan acara ing wedhal puniko :
1. Pembukaan
2. Waosan Dzikir soho Tahlil
3. Waosan Sholawat nabi
4. Sambutan-sambutan
5. Tauziah kalajengaken do’a panutup
Poro rawuh Bapak Ibu sedoyo ingkang kulo hormati, mekaten susunan acara
ingkang katindhakaken ing wedhal puniko.
Monggo kito sareng-sareng pengaosan puniko kito buka kanthi Wasilah
Umul Kitab

Kito lajengaken acara ingkang kaping kalih, waosan Dzikir Tahlil ingkang
dipun pimpin panjenenganipun Bapak ……………. Wedhal soho panggenan kulo
aturaken

Kalajengken acara ingkang kaping tigo, waosan Sholawat Nabi ingkang


dipun waosaken Bapak ………………………….. wedhal soho panggenan kulo
aturaken

Kito lajengaken acara ingkang kaping sekawan Sambutan-sanbutan


Sepindah Sambutan Bapak ……………..wedhal soso panggenan kulo aturaken

Poro rawuh Bapak Ibu sedoyo ingkang kulo hormati acara ingkang
pungkasan inggih puniko Tauziah kalajengaken do’a panutup ingkang dipun asto
panjenenganipun Bapak …..
Ananging sak derengipun katindakaken kulo pribadi anggenipun nderekaken wiwit
awal dumugi akhir, kathah klenta-klentunipun atur nyuwun agungioun
pangapunten, akhir kalam Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Wedhal Tauziah soho doa panutup kulo aturaken dumateng


panjenenganipun Bapak…………..

You might also like