You are on page 1of 7

Ibu Juminah anak pengusaha kang gedhe .

Ana kadadean kang kudu ditrima


marang awake dewe yaiku diusir marang kaluwargane amarga isin kudhu nanggung
kelakuan anake sing gawe gawe ala jeneng kalwarganekanyata Ibu Wati ngandung
anak kang durung kaiket dene pernikahan . Akhire Ibu Wati mutusake lungo
menyang Semarang . Modal duit sing digowo suwe-suwe mulai entek amarga sifat
Bu Wati kang boros . Duit sak piro piro ludes kanggo urip sugihe . Kanthi
ngrasakake kang arane serete duit . Melbu wulan ke 9 luwih 10 dina anak kang sing
ora dikarepake lairbayi kembar kanthi kahanan kang kurang cukup. Bayi kuwi dikei
jeneng yaiku Bowo lan kembarane ora di asuh karo ibu Wati nanging di asuh marang
bidan kang bantuproses kelairan bocah mau kang ora lain yaik mbakyune Pak
Yono .Nanging ibu wati ora ngerti nek bidane niku mbakyune Pak Yono, anak kang di
asuh pak Yono di paring asma Jimen. Pak yono termasuk pengusaha kang berhasil.
Kang duweni pirang pirang perusaan lan manggon ing kabupaten Semarang.
17 tahun sakwise, Bowo kang urip aben dina disia-sia marang ibune .
Bowo awit cilik wis gelem rekoso dodol koran kanggo kebutuhan uripe lan
sekolahe amarga ibune wis ora gelem biayai Opo meneh wanci pendaftaran
SMA arep dimulai .
Ing wengi seminggu sak durunge wanci pendaftaran dimulai .
Minah
: "Bu, kula sampun lulus SMP . kula badhe nerusaken wonten SMA ."
Bu juminah

: " Heeeee , nduwe duit po ra ? "

Minah

: " Nggih ,la pripun bu? "

Bu juminah

: " Maadang wae rekasa, kok arep sekolah enek-enek wae we ke ? "
" Emang sekolah duwur-duwur gawe kowe sugih apa ? "
" Wong Mas joko sing lulusan UI wae gaweane lontang lantung kaya
wong kenther kok ! ! "

minah

: "la niku mawon mas joko mboten wonten niat dados tiang sukses kok bu,

Nggih pun bu , kula badhe ngandalaken sadean gorengan kangge biyayai sekolah
kula. "
Bu juminah : " Ya kana karepmu ! "
Akhire dina pendaftaran SMA dimulai . Minah ketrimo ana ing SMA
unggulan kutha tinggale . Seminggu wis mlaku . Sekolah diwiwiti . Minah entuk
konco anyar asmanipun Mirah.
Esuk-esuk ing sekolahan .
Mirah : "Eh Kowe " . ( nunjuk minah )
Minah : " ana apa ? " ( nyedaki mirah )
Mirah : " Tak emat-emat saben esuk kok kringetan ta ? "
Minah : " Hehe ,aku saben esuk dodol gorengan ."
Mirah : " Wah aku kagum karo uripmu ,sing akeh perjuangan . "

Minah : " Yaa ,nek aku ora kaya ngana ora isa sekolah ."
Mirah

: " Eh jenengmu sapa ? " ( ngulurke tangan )

Minah : " Minah " ( ngulureke tangan salaman )


Bel mlebu sekolah muni . Pak Guru mlebet dhateng kelas maringi tugas
marang siswane yaiku tugas kelompok kang pasang-pasangan.
Mirah : " Kowe karo aku ya nah . "
Minah : " Ya wis gampang ."
Mirah : "ale garap kapan? Ning ndi ? "
Minah : " Aku manut wae sing penting aja wayah wengi . "
Mirah : " Ning omahmu piye? "
Minah :"Mmmm..piye

yaaa?

"

" Asline rapapa rah , nanging engko ora nyaman piye ? "
Mirah : "Nyaman nyamaan . Santai wae nek karo aku nah . Maksute ning omahmu
ben aku ngerti alamat omahmu ." ( ngrangkul pundakke minah)
Minah : " Yo wis ya , ning omahku . Oh ya dinane Minggu sore wae Rah jam 5 piye ,
isa ra ? "
Mirah : " Isa banget aku Nah' "
Minah : ' oke tak tunggu ya Rah "
Minggu sore Mirah mara ning omahe Minah .
Mirah

: " Assalamu'alaikum , Nah ? " ( ngetuk pintu )

Bu Juminah : " Sapa ya , ganggu wong turu wae ! "


Minah

: " Ngapunten bu, niku kanca kula . "

Bu Juminah : " Kowe mesti arep dolan ta ? "


Minah

: " Mboten bu mboten . Kula badhe garap tugas ." ( mlaku arep buka

pintu )
Bu Wati

: " Yo wis kana cepet bukakke lawange , selak brisik ! "

Minah

: " Nggih bu . "


Akhire garapane rampung. Dina Senene tugase diwaca ana ing ngarep

kelas .
Rampung presentasi mirah lan minah banjur menyang kantin.Ora krasa
wektu nunjukake jam mulih,murid-murid ribut siap-siap bali.Bocah-bocah
banjur wis padha bali.Ora kaya bocah liyane Minah bali sekolah ora langsung
menyang omah nalika nyambut gawe dadi tukang semir ana ing plataran
masjid agung kutha kui.Gawean kui dilakoni amarga kaabutuhan kang durung

kacukupan.Ana ing masjid agung Minah ketemu pengusaha sing asmane


Bapak yono.kang ora liyo bapake Mirah.
Minah

: " Paaak semir paaaak " ( nawar nawari )

Pak Yono

: " nduk , mrene nduk. Tulung nggon aku iki desemirke yaa ? "
" nduk , ora sekolah ta ? Yah mene kok nyemir sepatu ? " ( ngemat

jam tangan )
Minah

: Mboten ,kula sampun wangsul "

Pak Yono

: " Wah kowe kok rupane mirip anakku . "


" Eh wis ya tak solat sik nduk , nek durung solat mbok solato ndisik

engko lagi nyemir eneh " ( ngelus rambut )


Minah

: " Nggih pak monggo "


Rampung solat Pak Yono ngancani Minah kang lagi nyemir sepatune .

Sak wise rampung di semir Pak Yono balik menyang kantor .


Pak Yono kondur wonten dhaleme wanci sore .
Pak Yono

: " Miraaah, bapak bali "

Mirah

:"Nggih

paaak

"

mlaku

mara

bapake

" Wah tumben sepatune kinclong ? " ( nyangking sepatu )


Pak

Yono

"

Sopo

siik

bapakmu

kok

"

ngelus

rambut

" nduk iki mau sing nyemir sepatu bocah sak pantaranmu lho . Bocahe
kuwi prihatinan . "
Mirah

: " Wah nasibe kaya kancaku , tapi nek kanca ku kuwi saben esuk

dodol gorengan.Pak nek

pareng koncoku dibantu yooo ? "

Pak Yono

: " Sesuk yen bapak ning omah , dijak dolan mrene wae "

Mirah

: " enggih pak ! "


Esuk esuk ing sekolahan .

Mirah

: " nah,kapan kapan ning omahku yo ? "

Minah

: " Ngapa ? "

Mirah

: Yo dolan, ben ngerti omahku.

Minah

: ya gampang.
Bel bali sekolah kumandang nandakake siswa siswa wayahe bali

sekolah
Mirah

: " Min , ning omahku ya ? "


" Mumpung bapakku ning omah "

Minah

: " Saiki ? "

Mirah

: " Ora ! sok bodho , yo saiki laah . "

Minah

: " Yo ayo , tapi ra suwe ta ? "

Mirah

: "Ora kok . "


Mirah lan Minah langsung menyang omahe Mirah. Banjur padha nemoni

bapakke Mirah
Mirah

: " Pak...Bapak ? "

Pak Yono

: " Apa Min ? "

Mirah

: " Ki hlo ana kancaku sing tak critakke wingi ."

Pak Yono

: " Ya , kon njagong sik "

Mirah

: " Nggih pak "


" nah njagong sik kono "
Pak Yono nyamperi koncone Mirah

Pak Yono

: " Loh nduk , kowe kok ning kene ? " (kaget )

Minah

: " Enggih pak , niki kula dijak Mirah mriki "

Pak Yono

: " Oalaaah jebul kowe ta kancane anakku , pentes lo nek mbak ayu adi

karo anakku "


Minah

: " Hehe . enggih napa Pak ? "

Pak Yono

: " nduk kowe ki asline mirip ..... ora ding ora papa , Min kana kancamu

gawekke wedang sik ! "


MInah

: " Mboten sah repot repot pak , matur suwun "

Mirah

: "nyoh Nan tak gawek'e"

Pak Yono

: "Nah kowe ki saiki cita cita mu apa?"

Mirah

: " nika pak , dokter . hahaha"

Minah

: " hehe, mboten ding"

Pak Yono

: " ojo ngono Nah nek kwe pancen karep, apa sing ra mungkin ge

uwong pinter kaya kowe."


Minah

: "nggih pak , pandongane mawon", " ngeeh pun pak kula wangsul

rumiyen, Assalamu'alaikum"
Mirah lan Pak Yono

: " yo ati ati wassalamu'alaikum"

Minah akhire bali marang omahe.


Mirah

: " Pak kae mau asline bali merga di goleki ibune nek ora ya biasa laah

dodol gorengan
Pak Yono

: " Hla ibune piye ta ? "

Mirah

: " ibune niku , pripun nggih ,.... niku wae mlebu SMA empun bejo "

Pak Yono

: "Laa bejo piye?? Bapake??

Mirah

: " Haaa Minah kadose mpun mboten gadah bapak kok ! "

Pak Yono

: " mati po?? "

Mirah

: " nggih niku kula nggih mboten ngertos"

Pak Yono

: " Yowes sesok tak nemoni Gurumu"

Enjangipun pak yono dateng marang sekolahan kanthi tujuan konsultasi


tentang Minah
Pak Yono

: " assalamu'alaikum "

Pak Guru

: " walaikumsalam, eh pak Yono "

Pak Yono

: "nyuwun ngapunten pak, ngrepoti, sepindah silaturrahmi kaping kalih

kulo badhe nyuwun pirsa tentang mbak Minah"


Pak Guru

: "Minah sinten nggih, kelas pinten ?"

Pak Yono

: " Minah sing sak kelas kalian Mirah putri kula"

Pak Guru

: "owalah Minah Saputri ,

Pak Yono

: " Nggih kintene niku pak ? "

Pak Guru

: " Oh nggih nggih tak padhoske datane riyen pak ." (karo madhos data

datane )
" Naaaah niki pak "
Pak Yono

: " Pak saged jelaske tentang mbak Minah niku ? "

Pak Guru

: " kersa pak . Minah niku bocah kang pinter dheweke saged mlebet

murid teladan tahun 2010 sak Provinsi . Kula bangga kalian Minah , nanging kadose
keadaan ekonomine hambat keadaane ."
Pak Yono

: " Pantes pak , kula mpun nuli ngertos . "

Pak Guru

: " ngertos napa ? "

Pak Yono

: " ngertos Minah dados tukang semir sepatu . "

Pak Guru

: " Astagfirullah , kula gek ngertos Minah sekolah saking hasil kringete

dhewe . "
Pak Yono

: " Ngenten pak , kulo gadah ide. Pripun nek kagem biaya sekolahe

mbak Minah kula tanggung sedaya ngantos kuliah . "


Pak Guru

: " Leres pak . Tapi po mboten ngendika kalih ibune riyin ? "

Pak Yono

: " Masalah niku gampang , masalah aministrasi mangke kula lebetke

langsung wonten SSP.ne . "


Pak Guru

: " Oh nggih nggih pak badhe kula urus secepete . Nanging kula badhe

rembug kalian Minah . "

Pak Yono

: " Matur nuwun sanget nggih pak ." (ngulurke tangan salaman )

Pak Guru

:enggih sami-sami .(salaman)

Ing wayah bali sekolah Pak Guru tidak wonten griyanipun Minah maringi
surat kagem ibune Minah
Pak Guru

: " Assalamu'alaikum ? "

Bu Juminah : " Sinten nggeh ? " ( karo buka lawang )


Pak Guru

: "Kula gurune mbak Minah badhe konsultasi tentang mbak Minah."

Bu Juminah : " Oh nggeh nggeh mlebet riyen "


Pak Guru

:Enggih bu. (mlebu ngomah )

Bu Juminah : " Pripun paak kok kadhose penting sanget "


Pak Guru

: " Pripun nggeh bu , kula mboten penak badhe ngendika ."

Bu Juminah : " Pun pak nek Minah sampun mboten saged sekolah amargi biaya di
tokke mawon pak. "
Pak Guru

: " Mboten niku bu sing kula karepke . "

Bu Juminah

: " Lha napa pak ? "

Pak Guru

: " Niki bu , wonten pengusaha ingkang purun beasiswani Minah kanthi

lulus kuliah lan sedaya kebutuhanipun . "


Bu Juminah : ( kaget ) "Hla terus kula kon pripun ? Kula pun kesel mikirke sekolahe
Minah lan cita citane kang dhuwur banget. Untunglah nek ana sing gelem biayai
sekolahe , dadi ora susah golek duit biayai sekolahe ." Eh eh tapi sinten nggeh pak
asmanipun pengusaha niku ?"
Pak Guru

: " Haduu ibu niku pripun kagungan anak setunggal pinter kok kirang

bersyukur . "
Bu Juminah : " Pak Guruu kula tanglet asmanipun pengusaha niku sinten ? " Kula
pengen pirsa ! "
Pak Guru

: " Nggih napa njenengan rawuh wonten sekolahan mawon ? "

Bu Juminah : " Waah kula sek kathah jahitan pak ."


Pak Guru

: " Nggih sak kersane Bu juminah mawon .Kula tak terusan mawon bu

pun ajeng jawah "


Bu Juminah : " Nggiih pak matur nuwun , ngantos atos nggeh. "
Pak Guru

: " Assalamu'alaikum"

Bu juminah

: " Wa'alaikum salam "

Seminggu sawise Pak Guru, Bu juminah, Pak Yono janjian ketemu Ing
ruang kepala sekolah sawise jam sekolah wes kelar.

Bu Juminah:Assalamualaikum.(Tok,Tok,Tok)
Pak Guru

: " Walaikum salam, mlebet bu mlebet,"

Bu Juminah : "dingapunten pak sek saged rawuh"


Pak Guru

: "mboten napa napa bu, mlebet mlebet." Mangga lenggah rumiyin.

(pak guru akhire telpon pak yono ngabari yen ibuke bowo sampun
rawuh)
Pak Guru

: "mengke riyen enggih bu sinambi nengga bapake"

(Ora nganti suwe pak Yono Rawuh kalian Mirah lan Minah)
Minah

: " Assalamu'alaikum , Loh kok ibu"

Pak Guru

: " Walaikum salam mlebu nduk" ki golei ibumu "

Pak Yono

: " Assala.. .. . Wati???

Bu Juminah :Mas yono.........(Mbrebes mili).


Pak guru

: " Jenengan sampun podho kenal? "

Bu Juminah : " Mmmmm..pripun nggih paak . waaah kula mboten saged crita
wonten mriki paak "
Pak Guru
Bu

: " Nggih pun nggih tak tinggal wonten wingking riyin "

Juminah

Pak Yono

: "nggih pak sekecakke mawon " ( mesem )

: " Eh Wati berarti Minah kuwi kembarane Mirah?

Bu Juminah :Enggih pak...


Akhire Bu juminah, Pak Yono , Mirah, lan Minah kumpul dadi siji kang
dadi keluarga sempurna . Banjur lulus SMA Mirah nerusake usahane bapake
lan Minah nglanjutake cita citane kuliah ing fakultas kedoktern UI.
Akhire keluarga mau urip sempuna lan sakinah , tentrem lan serba
kecukupan .

INTINIPUN " Urip iku mboten mandang tahta lan harta kajaba niat
lan manteb kang opo sing dikarepake "

You might also like