You are on page 1of 3

Wong Wadon Sing Tabah

Abdul, nom-noman sing ngancik diwasa, banget miturut marang ibune. Dheweke tansah
pengin gawe senenge wong tuwane wadon iku. Kabeh kekarepane ibune tansah digatekake
kanthi temenan.
Ibu

: Abdul, kowe wis diwasa. Lha mbok ndang milih wong wadon kanggo
sisihanmu.

Pituture si ibu iku tansah dieling-eling dening Abdul, lan dheweke mbudidaya bisane
mujudake. Pirang-pirang minggu candhake, nalika lagi dagang ing kutha liya, Abdul ketemu
karo bocah wadon aran Khusnah, lan rumangsa tresna. Abdul pengin ngrabi dheweke. Ndilalah
Khusnah ora nulak kekarepane. Kekarone banjur nikah. Abdul bali menyang omahe kanthi
nggawa bojo. Senajan rada kurang pendhidhikan, Khusnah mono wong wadon sing sholihah lan
setya. Nanging ning pranyata ibune ora seneng karo mantune.
Ibu

: Abdul! Kok bodho banget kowe! Golek bojo kaya mangkono? Aku ndhidhik
kowe dadi wong sing terpelajar, supaya bisa duwe bojo sing uga terpelajar. Ngapa
golek bojo sing cethek kawruhe?

Abdul

: Ibu, sing nemtokaken jodho punikarak Gusti Allah?

Ibu

: ya! Gusti Allah pancen nemtokake takdir, ning sawise manungsa gelem
ngrekadaya. Ngapa kowe ora usaha golek bojo sing terpelajar? Wis, pegaten bae
bojomu!

Abdul

: Ibu... nembe seminggu kula nikahi bojo kula. Lados pundi ungele tiyang
menawi kula pegat saniki?

Ibune meneng. Ning sawatara wulan candhake, si ibu bali njaluk supaya Abdul megat
bojone. Abdul mangsuli,
Abdul

: Ibu. Khusnah samput mbobot. Mesakaken menawi kula pegat piyambakipun


ing salebeting kahanan mbobot kados makaten. Kula kinten langkung sae benjang
menawi si jabang bayi sampun lair

Kanggo sauntara Abdul isa nolak kekarepane ibune. Nalika anake nomer siji wis lair,
wiwit ajar lungguh, si ibu bali njaluk supaya Abdul megat bojone.
Abdul

: Khusnah nembe mbobot anak kula nomer kalih, ibu. Kula boten saged megat
bojo kula ing kawontenan kados mekaten punika.

Nalika anak sing nomer loro mau wis lair, kekarepane si ibu supaya Abdul megat bojone
wis ora kena dialang-alangi maneh.

Ibu

: Abdul! Saiki pilihen siji ing taraning loro. Aku, ibumu sing nresnani awakmu,
apa bojomu. Salah siji kudu ana sing lunga saka omah kene.

Sanalika Abdul ora bisa wangsulan. Dheweke banjur shalat istikharoh nyuwun pituduh
marang Gusti Allah. Sesuk esuke dheweke lagi bisa atur wangsulan.
Abdul

: Salah satunggaling anggota kulawarga ngriki pancen kedah wonten sing kesah
saking ngiriki. Ibu sing kesah jelas boten. Bojo kula sing kesah, ugi jelas boten.
Menawi makaten kula mawon sing kesah.

Dina iku uga dheweke lunga ninggalake omah. Kanggo nuruti kekarepane ibune dheweke
lila ninggal bojo lan anake loro sing ditresnani.
Ibune isih saomah karo mantu lan putune. Ning suwe-suwe dheweke ora kuwat urip
bebarengan karo wong sing dibenci. Dheweke banjur gawe rencana jahat. Kandha marang
Khusnah, menawa Abdul wis megat sisihane kui liwat layang. Kanthi rasa sungkawa lan luh sing
dleweran, Khusnah ngajak anake lunga ninggal omahe maratuwane.
Khusnah lunga tanpa tujuan nalika sanguine wis entek, dheweke ngemis. Nanging nasibe
ala banget. Kala semana lakune tekan tlatah sing duwe angger-angger menawa kabeh wong
dilarang ngemis. Nalika konangan lagi ngemis, Khusnah dicekel. Dhewele dipidana potong
lengen. Ing kahanan tanpa lengen iku, wong wadon lan anake loro iku nerusale laku. Minangka
wong wadon sholihah, Khusnah ora ngresula, ning ora kendhat tansah ndedonga marang Gusti
Allah
Musibah sing kudu disandhang Khsunah durung entek. Nalika ngudhuni pereng kali arep
ngombe, dumadakan anake loro-karo kepleset, tiba, lan kentir kegawa ilining banyu. Khusnah
ora bisa nulungi, mung bisa pasrah marang kersa-Ne.
Pirsa kesabarane Khusnah, Gusti Allah banjur ngersakake paring kabecikan.
Panjenengane utusan marang malaikatsupaya methuki Khusnah.
Malaikat

: Kowe pancen wong wadon sing tabah. Kowe wis kelangan bojo, kelangan
lengen, banjur kelangan anak. Saupama dikabulake, kira-kira apa sing mbokjaluk
bali? Aku njaluk wangsulanmu sing patitis

Khusnah

: Kula ngajengaken anak kula kalih. Kekalihipun ingkang badhe nglajengaken


gesang kula sasampunipun kula pejah.

Wangsulan iku dianggep patitis, mula dikabulake. Anake loro-karo sing wis ilang kentir
ing kali, sanalika iku uga mbalik ing kono. Womh wadon iku seneng banget. Anak kekarone
dikekep aln bola-bali diambungi.
Malaikat

: Saiki pilihen! Yen isih dikabulake maneh, kowe luweh ngarepake lengenmu
sing wis ilang opo bojomu?

Khusnah

: Kula langkung ngajeng-ajeng lengen kula. Jalaran kanthi lengen punika kula
saged takbir ngagungaken asmanipun Gusti Allah kanthi sampurna.

Wangsulane Khusnah dianggep patitis maneh. Sanalika lengene sing bunting bali wutuh
kaya wingi uni.
Malaikat

: Kowe wong wadon sing mulya atimu. Babarpisan ora sering marang
maratuwamu sing wis tumindak ala marang kowe. Wis sapantese yen bojomu uga
bakal dibelakake marang koe (ngilang)

Khusnah ketemu maneh karo Abdul. Wong lanang-wadon iku, bebarengan karo anake
loro, bali urip saomah kaya biyen. Ibune Abdul sing tau tumindak ala marang mantune, suwesuwe nyadhari kaluputane lan njaluk ngapura. Dheweke banjur melu kumpul pisan, urip tentrem
karo anak, mantu, lan putu-putune.

You might also like