You are on page 1of 3

ANGGADA MBALELA

Part 1
Sawise Rahwana mati, Negara Ngalengka dadi komplang, Mula saka iku Prabu Rama lan
Raden Wibisana ngrembug sapa sing dadi raja penggatine Dasamuka ing Ngalengka.
Prabu Rama
: Akeh banget pangudimu karo aku. Mula saka iku, piye menawa kowe
dadi raja ing Ngalengka?
Wibisana
: Punten kangmas,sanyatane kula mboten pantes lan gadhah hak dados
raja ing Ngalengka. Miturut kula, ingkang berhak dados raja ing Ngalengka yaiku putranipun
Prabu Dasamuka.
Prabu Rama
:Ana to sing isih urip? Banjur putrane Dasamuka iku jenenge sapa?
Wibisana
:wonten Prabu,inggih menika Dasawilukrama. Piyambakipun sakmenik
wonten ing Ngalengka amargi piyambakipun taksih diopeni kaleh putri kula,Dewi Trijatha.
Prabu Rama
: Ya wis, tulung undangke Dasawilukrama!
Wibisana
:Inggih, Prabu.
------------Wibisana
: Abdi dalem, tulung undanngke Dasawilukrama menawa dheweke
diundhang karo Prabu Rama.
Abdi Dalem
:Sendhika dhawuh,Raden.
------------Abdi Dalem
:Nyuwun sewu,Raden Dasawilukrama. Panjenengan diundhang kaleh
Raden Wibisana supados ngadep Prabu Rama.
Dasawilukrama :ya
-----------Dasawilukrama : Sembah bekti,Prabu Rama. Nuwun sewu, wonten punapa,nggih?
Prabu Rama
:Ngene lo, Dasawilukrama. Amarga kowe trahinng ngaluhur Ngalengka ,
dadi kowe arep aku winisudha ing wektu cedhak iki dadi Pangeran Pati Ngalengkadiraja lan
Raja binathara ing Ngalengka.
Dasawilukrama :Sinuwun. Punapa mboten Prabu Wibisana mawon?
Prabu Rama
:Iku wis dadi kesepakatane aku karo Prabu Wibisana. Yowes ngono wae,
saiki kowe enthuk bali ning kesatriyanmu,Regulobang.
Dasawilukrama :Maturnuwun,Parabu.
Part 2
Jaya Anggada ora setuju menawa Dasawilukrama dadi Raja Ngalengka, Banjur ngendika
karo Rama. Nanging Rama tetep ora goyah karo pendadiane. Tanpa diryana Anggada lunga
tanpa pamit.
(Anggada)
Anggada
:Sembah bekti,Prabu. Kula mboten setuju menawi Dasawilukrama dados
raja ing Ngalengka. Nyuwun pangapunten. Sesampunipun wadya wanara perang tenanan
kaleh Dasamuka. Malah sak niki tahtanipun diparingke kaleh keturunanipun Dasamuka. Napa
kita saged jamin menawi Dasawilukrama mboten sami kaliyan Dasamuka?
Rama
:Ora usah prasangka elek dhisik. Iki wis kesepakatan. Ora bisa diothak
athik maneh.
(Anggada lunga)
Rama
:Tulung Anggada digolekki lan dipituturi menawa dheweke ora usah
nganthi suwe ing masalah iki.
Sugriwa
:Nyuwun pangapunten kaleh kelakuane ponakan kula,Prabu. Mboten
sah dipenggalih ing manah. Anoman sampun ngawasi Anggada.
Prabu Rama
:inggih , Paman Sugriwa.
------------------

(Anoman)
Anoman
:wes to,Anggada. Ora usah nesu suwe suwe, raimu tambah elek. Napa
diperke nganthi kentheng- kentheng iku kan wes dadi keputusane Prabu Rama.
Anngada
:Aku tetep ora rela menawa Dasawilukrama dadi Raja Ngalengka.
Menawa tetep kaya mengkono. Aku ora gelem gabung maneh karo Prabu Rama.
Anoman
:Aja ngono Anggada
Anggada
:Yen tetep meksa ayo saiki prang tandhing. Menawa aku kalah aku tetep
melu Prabu Rama.Lan sakwalikane.
Anoman
:ayo,aku ora wedi.
Part 3.
Sawise Anggada kalah karo Anoman. Dheweke lunga menyang Gunung kangurungan
(kuburane Rahwana). Lungane Anggada ditututi karo Lesmana. Kanthi ngumpet, Anggada
deleng apa sing dilakokake dening Dasawiilukrama. Ing,wektu iku, Dasawilukrama dikancani
karo Ki Lurah Trogog lan mbilung.
Adegan
: Dasawilukrama meneng ing ngarepe kuburane Dasawilukrama.
Cling
(Dasamuka)
Dasamuka
:Putraku Dasawilukrama, apik tenan kowe teka ning kene. Tampana keris
Kyai Pecat Nyitma iki kanggo wales dendam(mateni) Prabu Rama!
Dasawilukrama :Matur nuwun, Ramanda Prabu. Hamba janji saged matini Rama.
Dasamuka
:Tapi ileng,menawa kowe ora isa kowe dhewe sing tak pateni.
Dasawilukrama :Inggih matur nuwun. Kula wangsul rumiyin.
Part 4
Ing wektu sing padha, Patih Pulontani kaliyan putrane Indrajit(Raden Beganasur lan Raden
Kuntalabahu) ngadakake pertemuan ing kesatriyan Bikukungpura.
(Pulontani)
Patih Pulontani :Miturut eyang, sawise Negara Ngalengka bedhah, mula saka iku sakapike
kesatriyan Bikukunpura dadi kuat.Apa maneh, wadya raseksa isih setya karo dhewe.
Beganasura
: betul,eyang. Aku lan Kuntalabahu isih nyimpen dendam karo Prabu
Rama lan Raden Lesmana. Kita arep bales gugure Ramanda Indrajit lan Eyang Prabu
Dasamuka.
(Beganasura)
Pulontani
:Apik tenan rencanamu iku. Sapa dhisik sing ngajari nek ora Patontani
Sak iki kowe Beganasura tak nobatke dadi Raja Bikukungpura lan Kuntalabahu dadi Patih
Bikukungpura. Saiki ngenteni wektu sing apek kanggo nggempur Ngalengka.
Part 5
Jaya Anggada ngumpet ing kamare Prabu Rama kanggo njaga keslamatane Prabu Rama. Ing
wektu iku, Prabu Rama isiih sare ing kamare. Ora let suwe, Raden Dasawilukrama mlebu
kanthi gawa keris Kyai Pecat Nyitma lan mlakune alon- alon . Kanthi tanggap Jaya Anggada
nyrobot kerise Dasawilukrama.
Dasawilukrama :Maling..Maling
Adegan : Jaya Anggada lan Dasawilukrama katangkep dening Anoman. Ki Lurah Trogog lan
mbilung mlayu nanging bisa katangkep dening Ki Lurah Petruk lan Bagong)
Rama
:ana apa to iki?kok ribut ribut?wahai Dasawilukrama lan jaya Anggada!
coba critakna kadadean iki!aja padha ngapusi.

Dasawilukrama :Walah wealah punapa ,Gusti. Hamba sing wes bisa nangkep Jaya
Anggada sing arep mateni Paduka. Hamba sing wes bisa nangkep Jaya Anggada arep
mrawasa Paduka karo keris sing ana ing tangane.
Anggada
:Ngapusi! Dudu aku sing nglakokake, Sinuwun! Tapi dheweke sing arep
mateni Paduka nalika paduka taksih sare.. Hamba naming ngrebut keris kyai Pecat nyitma
saka tangane . Raden Dasawilukrama lajeng mbengok lan nuduh kula sing badhe mateni
Paduka.
(Punakawan)
Petruk
:Sinuwun,Prabu!Menawi mekaten, cobi Paduka ngendhika kaleh Ki Lurah
Trogog lan mbilung mawon.
Rama
:Hai Trogog!tulung coba critakna kadadean sing asline kepriye, sapa sing
arep jahat marang aku?
Ki Lurah Trogog :Leres, Gusti. Raden Dasawilukrama sing badhe mejahi Paduka.
Mbilung
:Nggih leres,Gusti. Dasawilukrama.
Dasawilukrama :Sinuwun,mboten gampil percaya kemawon kaleh abdi dalem . Sanyatane,
keris kyai Pecat Nyitma kabukten wonten ing astane Jaya Anggada. Kok panjenenngan nuduh
kua?
Rama
:Waduh..saya dadi ora karuan ngene. Wibisana, kepriye iki miturutmu?
Wibisana
:Ngeten mawon,Prabu. Kita nganakaken prang tandhing. Sinten sing
menang iku sing bener lan sing kalah iku sing salah.
Rama
:Yo wes ngono bae. Dasawilukrama lan Anggada ,kowe mau wes padha
krungu ngendhikane Raden Wibisana tho. Saiki prang tandhinge diwiwiti.
Part 6
Nalika Anggada lan Dasawilukrama prang tandhing, Kumara Gondhayitma nyusup ing
awake Anggada. Kumara Gondhayitma ngrasa murka karo putrane,Dasawilukrama. Amarga
Dasawilukrama ora bisa nusuk awake Rama. Mula saka iku, Anggada maleh dadi bringas.
Banjur mateni Dasawilukrama kanthi nyokot gulune nganthi tugel. Sawise iku, Anggada
nyerang Rama. Anoman kanthi tanggap mencolot nrajang Anggada Amarga wedi, Kumara
Gondhayitma ocat saka awake Anggada.
Part 7
Sawise prang tandhing, wadya raseksa lan Prabu Beganasura teka kanthi niat wales dendam.
Nanging Maruti nyiptaake angin lesus saka kekuatan banyu nrajang barisane raseksa
,Pulontani,lan kuntalabahu bali ing kesatriyane Bikukungpura.

You might also like