You are on page 1of 2

RADEN TARULINTANG

Ayue Dewi Arum Sari saking Kerajaan Cirebon, gawe akeh para pinangeran pengen
nyoba kanggo mikat hati Dewi Arum Sari. Tetapi Dewi Arum sari ora kepencut karo para
Pinangeran.
Dewi Arum Sari inget bae karo salah sawijie wong lanang sing pernah nulung, nalika
deweke diserang perampok. Sayange wong lanang mau, langsung lunga sawise nulung
Dewi Arum Sari. Ora nyebutaken aran lan asal usule. Wong lanang mau gawe Dewi Arum
Sari kebayang bae saben dina. Najan Dewi Arum Sari jatuh hati kelawan dedeg pengadege
wong lanang iku. Dewi arum Sari bli pernah ngungkapaken perasaane marang ramane.
Sebab Dewi Arum sari ngerti, yen ramane pengen pisan duwe mantu Pangeran.
Dewi Arum Sari najan deweke ayu, tapi ora gawe atine Dewi Arum Sari seneng.
Dewi Arum Sari diculik ning salah sawijine Raksasa kang diarani Wira Gora, sebab musabab
karena ning ayune. Para prajurit langka sing bisa ngalangi Raksasa iku. Ramane ngenes
kelangan Dewi Arum Sari. Terus ramane gawe sayembara, sapane wong sing bisa balikaken
Dewi Arum Sari, yen wadon bakal didadekaken anak, yen lanang bakal dikawinaken karo
Dewi Arum sari. Anae sayembara iku, wong sing sekabeh negeri pada usaha pengen
bebasaken Dewi Arum Sari. Diantara salah sawijie wong sing melu sayembara yaiku Raden
Wira Santika. Kang wis kawentar ilmu kanuragane. Wong-wong kang pada melu sayembara
segen marang Raden Wira Santika, tapi karena tawaran hadiahe lumayan, akhire pada
meluan.
Sementara iku, ning sajerone alas, Wira Gora kang gawa Dewi Arum Sari, ketemu
karo Raden Tarulintang.
Raden Tarulintang yaiku pemuda kang jumeneng ana ning alas, lan geguru dening Ki
Tapak Jagat. Raden Tarulintang kang ngerasa kenal , waktu nulungi diserang perampok,
deleng Dewi Arum Sari ana ning tangane Raksasa Wira Gora, berusaha pengen mbebasaken
Dewi Arum Sari. Tapi kesaktian Wira Gora bli bisa ditandingi karo Raden Tarulintang. Raden
Tarulintang kalah tandinge. Wira Gora mlayu marani ning panggonane. Raden Tarulintang
kang babak belur ditulungi ning Ki Tapak Jagat.
Konon,Raden Wira Santika lan wong-wong kang pada melu sayembara manjing ning
alas ngulati Dewi Arum sari. Raden Wira Santika kang pengen oli Dewi Arum Sari, gawe
jebakan, kanggo para peserta kang melu sayembara. Supaya bli bisa nerusaken sayembarae.
Tinggal Raden Wira Santika bae siji sing melu sayembara.
Raden Tarulintang diobati dening Ki Tapak Jagat. Raden Tarulintang ngrasa kenal
karo Dewi Arum Sari. Raden Tarulintang diajari ilmu anyar kanggo ngalakaken raksasa Wira
Gora. Raden Tarulintang blajar ilmu kelawan temen tinemenan. Sebab ngarasa jatu hati
kelawan Dwi Arum Sari.
Raden Wira Santika kang ngulati Wira Gora akhire ketemu karo Dewi Arum Sari.
Waktu adep-adepan, Wira Gora langsung tunduk lan hormat ning Raden Wira Santika.
Ternyata Raden Wira Santika yaiku wong kang ngongkon Wira Gora nyulik Dewi Arum Sari.
Karena deweke dendam lantaran lamarane ditolak, lan pengen maksa supaya kelakon dadi
rabie. Anae sayembara dadi kesempatane Raden Wira Santika, supaya bisa kelakon lan kawin
secara syah, karo Dewi Arum Sari.

Kabar yen Wira Gora anak buahe Raden Wira Santika kaweruan dening Dewi Arum
sari. Raden Wira Santika ngrayu kelawan segala cara. Tapi Dewi Arum sari tetep ora gelem
dadi rabie Raden Wira Santika. Kelawan nganggo ilmu sing Wira Gora, Dewi Arum Sari
digawe seneng lan kedanan ning Raden Wira Santika. Kekuatan ilmue ora ana wong sing bisa
ngilangaken. Akhire Dewi Arum Sari gelem dinikahi. Upacara pernikahan bakal dianakaken
ning istana cerbon. Lajeng, Raden Wira Santika mangkat nyerahkaken Dewi Arum Sari
marang ramane.
Sawise dirasa cukup ilmue, Raden Tarulintang nemoni Wira Gora. Pertarungan Raden
Tarulintang kelawan Wira Gora, akhire kedadian. Wira Gora bisa ditalukaken. Namun Raden
Tarulintang bli ndeleng anae Dewi Arum sari. Wira Gora dipaksa supaya ngupai weru ning
endi anae Dewi Arum Sari. Akhire Wira Gora ngomong yen Dewi Arum Sari, wis digawa
balik ning Cerbon karo Raden Wira Santika. Jare Wira Gora, Raden Tarulintang usahae ora
bakal oli hasil, lantaran Dewi Arum Sari ana sajerone pengaruh ilmue. Bisa ilang pengaruh
ilmue lamon bisa nyekel Mustika Ular. Demi tresnane marang Dewi Arum sari, Tarulintang
lunga ngulati Mustika Ular.
Dewi Arum Sari lan Raden Wira Santika teka ning Istana. Kabeh pada bunga lan
seneng satekae Dewi Arum sari. Tapi penasehat raja ora seneng ning Wira santika. Penasehat
iku weru yen kelakuane Wira Santika sering nindas rayat cilik. Penasehat kawatir ning
keanane rayat, lamon Wira Santika diangkat dadi raja ning Cirebon. Ramane Dewi Arum Sari
bli bisa ingkar janjine. Ngawinaken wong lanang kang bisa nyelametaken Dewi Arum Sari.
Apa maning saiki Dewi Arum Sari wis kena pengaruh ilmue Wira Gora, katon kedanan
demen Wira Santika.
Acara pernikahan telung dina maning.
Liwat wis telung dina, acara pernikahan Wira Santika lan Dewi Arum sari bakal
digelar. Ramane Dewi Arum Sari katon pasrah. Wis pirang-pirang tabib lan wong pinter, kang
ngumpet-ngumpet dikongkon marasaken. Tapi laka sawijie wong kang bisa.
Ning pungkase acara pernikahan, Raden Tarulintang teka gawa mustika ular. Raden
Tarulintang berhasil marasaken Dewi Arum Sari.
Wira Santika mengkel, ora terima lan nyerang Raden Tarulintang. Terjadi tanding, adu
ilmu kanuragan, lawas jamane. Akhire Raden Tarulintang bisa ngalakaken Wira Santika.
Dewi Arum Sari bunga atine deleng Raden Tarulintang, wong lanang kang lawas diimpiimpiaken. Akhire raja ngawinaken Raden Tarulintang kelawan Dewi Arum Sari. Sateruse
Raden Tarulintang diangkat dadi Patih jejuluk Dipati Arya Kusuma.

You might also like