You are on page 1of 3

Assalamualaikum Wr ... Wb.

Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani.

Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur maran g Gusti Allah
ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan
taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.

Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka kagem ngaturaken
sesorah bab Sumpah Pemuda.

Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia
mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa skral ingkang
nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat
berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang
ngadeg jejeg.

Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :
1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia.
Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep-
arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera. Yaiku minangka pelajar / murid, kita
wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita
kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa.
Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi
kaluhuran Sumpah Pemuda.

Santen parutan klapa, Cekap semanten atur kawula, Numpak sepur nggawa tali, Mbok bilih
wonten klenta-klentunipun atur, Kula nyuwun agunging pangaksami

Wassalamualaikum Wr ... Wb.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati,
rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken
kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.

Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika
narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita
mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami,
awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget
kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara
goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil
tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba
ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten
artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi
mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten
kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka
kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun
ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating
tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah
dumateng jurang kesesen saran.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken
pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula
nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Asslamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan,
rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat
sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge
ngawontenanken perpisahan.

Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri
siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih
katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake
kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha
tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah
thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula
sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun
nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan
kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas
wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula
tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.

Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula
sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka
karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun
sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.

Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan
ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika,
kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep
anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang
Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng
mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming
tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda
wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur
kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda
pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo
minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like