You are on page 1of 3

ATURIPUN PRANATA ADICARA WONTEN ING PAWIYATAN PEPANGGIHAN SILATURROHIM SAHA DAWIS MAWAR 3 RT.

03/06 KELURAHAN PANGENJURUTENGAH Assalaamualaikum Wr. Wb. Bismillah, alhamdulillah, wasyukurillah, washolatu ala Rosulillah, walahaula wala quwata illabillah, ammabadah. Dumateng ngarsanipun para sesupuh, pinisepuh saha ingkang dipun sepuhaken ingkang tuhu kinabekten saha ingkang kula hormati, ibu-ibu dalah para sederek keluarga agung Dawis Marawar 3 Rt.03/Rw.06 Kelurahan Pangenjurutengah ingkang tansah sinugata ing pakurmatan. Langkung rumiyin sumangga kula derekaken ngaturaken puja saha puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT, ingkang sampun paring rahmat saha nikmat dumateng kula saha panjenengan sedaya, utaminipun nikmat kesehatan dalah nikmat kesehatan, satemah wonten ing titi wanci menika kula saha panjenengan saged sareng-sareng rawuh wonten ing majelis menika kanti wilujeng nir ing sambekala. Ugi dumateng para rawuh wonten ing kalodangan menika boten supe kula ngaturaken : Jaalanallohi wa iyyakum minal aidin wal faizin, wal maghfurin, taqobalallohu minna wamingkum taqobbal ya kariim; sugeng riyadi nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula lahir tumusing batos. Ing sak lajengipun mugi wonten keparengipun kula matur : 1. Ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh dumateng sedaya ingkang rawuh, saha boten supe ngaturaken agunging panuwun katur dumateng Ibu Kukuh ingkang sampun kepareng mundut pangunduhipun adicara pepanggihan Dawis wonten ing sonten menika. Ing sak lajengipun murih pepanggihan menika saged lumampah kanti lancar saha murih saged tansah pikantuk rahmat saha barokah saking Gusti ingkang Maha Agung, pramila sumangga kula derekaken dedunga nyuwun dumateng Pangeran kanti agomo saha keyakinan kita piyambak-piyambak. Donga kawiwitan donga cekap. 2. Adicara ingkang angka kalih : Gegayutan kaliyan adicara ingkang sampun karancang saha rinacik, sak derengipun adicara Dawis kawiwitan, kepareng bade dipun wiwiti kanti mujahadah waosan Yasin saha tahlil, pramila dumateng Panjenenganipun Ibu Hajah Azizah R. Sucipto mugi wonten keparengipun mangarsani waosan Yasin saha tahlil ing titi wnci menika. Dumateng panjenenganipun Ibu Hajah Azizah R. Sucipto wekdal saha sasono katur * makaten waosan yasin saha tahlil sampun sareng-sareng kita waos, mugi estu-estu saged mingka wasilah dateng sedaya para leluhur kita, satemah saged pikantuk maghfirohipun saking Alloh SWT saha pikantuk nikmat wonten ing alam kubur, amiin dumateng panjenenganipun Ibu Hajah Azizah R. Sucipto ingkang sampun kepareng mangarsani waosan menika kita aturaken aguning panuwun. Ibu-ibu saha para sederek ingkang kula hormati, sumangga kita lajengaken adicara candakipun. Kados ingkang sampun kita aturaken wonten ing ngajeng bilih adicara Dawis kita tindakaken sak sampunipun mujahadah waosan Yasin saha tahlil, pramila sumangga adicara Dawis kawiwitan kanti adicara : 1. Ingkang sepisan sekar Mars PKK ingkang bade dipun pangarsani dening Ibu .. (dumateng panjenenganipun Ibu .. wekdal saha saosno katur) Dumateng para rawuh katuran jumeneng sak wetawis 2. Ingkang angka kalih Ikrar Pancasila ingkang dipun pangarsani dening Ibu .. (katur panjenenganipun Ibu wekadal saha sasono katur) 3. Ingkang angka tiga Ikrar 10 (sedasa) Program Pokok PKK ingkang bade dipun pangarsani dening panjenenganipun Ibu .. (dumateng Ibu . Wekadal saha sasono katur) Dumateng para rawuh katuran pinarak lenggah malih Saklajengipun wekdal kita candek sak wetawis kagem istirahat. Dumateng sak gunging para rawuh ingkang kula hormati.. boten ateges kita nyandek anggenipun panjenengan sama ngunjuk saha dahar nyamikan, kasuwun sumangga sesarengan kita lajengaken adicara candakipun nun inggih . 4. Adicara ingakang angka sekawan atur pambagyaharja saking ingkang kagungan dalem, dumateng panjenenganipun Ibu Kukuh wekdal saha sasono katur. Mekaten ingkang dados aturipun saking ingkang kagungan dalem, dumateng Ibu Kukuh dipun aturaken agunging panuwun 5. Adicara ingkang angka gangsal lain-lain, sumangga wekadal saha sasona kita aturaken dumateng Ibu .. .. Penutup Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, kados adicara pepanggihan menika sampun paripurna, pramilo sumangga kita pungkasi kanti sareng-sareng maos : Alhamdulillahi robbil alamiin. Boten supe mbok bilih anggenipun kula nderekaken adicra pepanggihan menika katah kekiranganipun estu nyuwun aguning pangapunten. Kita pungkasi Wassalaamualaikum Wr. Wb. ..

VAKASI PEMBIMBINGAN PRAKTIK PENGALAMAN LAPANGAN MAHASISWA UNIVERSITAS MUHAMADIYAH PURWOREJO TAHUN PELAJARAN 2011/2012 NO 1 2 3 4 5 6 7 8 9 NAMA PEMBIMBING Nani Rachmawati, B.A. Esti Erningsih, S.Pd. Dra. Maryati Siti Winarsih, S.Pd. Sri Hartini, S.Pd. Gunawan, S.Pd Risma Anggarini, S.Pd. Kurniawati, S.Pd. Giyarno, S.Pd. Jumlah PEMBIM BINGAN 1 2 1 2 1 2 2 2 2 15 JUMLAH (Rp) 75.000 1. 150.000 75.000 3. 150.000 75.000 5. 150.000 150.000 7. 150.000 150.000 9. 1.125.000 Purworejo, 13 September 2011. Kepala Sekolah, 8. 6. 4. 2. T.TANGAN

SUJATMIKO, S.Pd.

VAKASI PELAYANAN PRAKTIK PENGALAMAN LAPANGAN MAHASISWA UNIVERSITAS MUHAMADIYAH PURWOREJO TAHUN PELAJARAN 2011/2012 NO 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 NAMA PEMBIMBING Halimah Hj. Yunisih Arif Setyo Martono Veronica Hartati Darnoto Asiyo Rosyid Kusaeri Yanto Sugito Jumlah JUMLAH (Rp) 25.000 1. 25.000 25.000 3. 25.000 25.000 5. 15.000 15.000 7. 15.000 15.000 9. 15.000 200.000 Purworejo, 13 September 2011. Kepala Sekolah, 10. 8. 6. 4. 2. T.TANGAN

SUJATMIKO, S.Pd.

You might also like